Menyang kontèn

Mi Acèh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Mie Aceh

Mie Acèh yaiku mie khas Acèh kang rasane pedhes lan dimasak nganggo bumbu khusus khas Aceh. Mie kang padatan dianggo yaiku mie kuning gedhe, jinising mie hokkian.[1] Mie diracik kanthi cara kang prasaja, mung mie kuning kang digawe saka gandum, janganan, lan bumbu.[2] Bumbu mie Aceh padatan digawe saka brambang, bawang, lombok abang, kunir, jinten, mrica, jahe, tumbar, kacang brol goreng, miri, klapa kang disangan, lan lada kang dialusake.[2] Dijangkepi karo irisan tomat, unclang, daging kang diiris tipis-tipis, sarta tauge. [1] Duduhe wernane abang, nyemek, kenthel kaya lo mie. Mie Acèh disuguhake bareng karo irisan timun, brambang, lombok rawit, lan emping goreng.[1]

Mie Acèh iku ana maneka werna yaiku mie gorèng, mie godhog kang memper karo sup utawa kari, lan mie tumis (padatan diarani dening wong Aceh minangka mie goreng teles jalaran mie nganggo duduh sithik).[2] Katelune padha-padha nduwe cita rasa kang khas.[2]


Cathetan suku

  1. a b c (ing basa Indonésia)Mandi Keringat Menyantap Mie Aceh! (12 Agustus)
  2. a b c d (ing basa Indonésia)Mi Aceh Menggugah Berkat Rempah (12 Agustus 2011)