Menyang kontèn

Mi Acèh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 26 Januari 2018 08.18 déning Kunirasem (parembugan | pasumbang) (→‎top: clean up, replaced: rasane → rasané using AWB)
Mi Acèh

Mi Acèh ya iku mi khas Acèh kang rasané pedhes lan dimasak nganggo bumbu mirunggan khas Acèh. Mi kang padatan dianggo ya iku mi kuning gedhé, jinising mi hokkian.[1] Mi diracik kanthi cara kang prasaja, mung mi kuning kang digawé saka gandum, janganan, lan bumbu.[2] Bumbu mi Acèh padatan digawé saka brambang, bawang, lombok abang, kunir, jinten, mrica, jahe, tumbar, kacang brol goreng, miri, klapa kang disangan, lan lada kang dialusake.[2] Dijangkepi karo irisan tomat, unclang, daging kang diiris tipis-tipis, sarta tauge.[1] Duduhe wernane abang, nyemek, kenthel kaya lo mi. Mi Acèh disuguhake bareng karo irisan timun, brambang, lombok rawit, lan emping goreng.[1] Bisa uga nganggo kacang goreng, bawang goreng, cuka, lan jeruk nipis.[2]

Mi Acèh iku ana manéka warna ya iku mi gorèng, mi godhog kang memper karo sup utawa kari, lan mi tumis (padatan diarani déning wong Acèh minangka mi goreng teles jalaran mi nganggo duduh sithik).[2] Katelune padha-padha nduwé cita rasa kang khas.[2] Mi Acèh iki saiki bisa ditemoni ing kutha-kutha gedhé kaya ta Surabaya lan Jakarta.[2]

Cathetan suku

  1. a b c Mandi Keringat Menyantap Mie Aceh! (12 Agustus)
  2. a b c d e f Mi Aceh Menggugah Berkat Rempah (12 Agustus 2011)