Menyang kontèn

Mi Acèh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 10 Juni 2017 21.04 déning Rachmat04 (parembugan | pasumbang) (busak cithakan, per Special:Diff/1146451; panggantèn kosmètik)
Mie Aceh

Mie Acèh ya iku mie khas Acèh kang rasane pedhes lan dimasak nganggo bumbu khusus khas Aceh. Mie kang padatan dianggo ya iku mie kuning gedhe, jinising mie hokkian.[1] Mie diracik kanthi cara kang prasaja, mung mie kuning kang digawé saka gandum, janganan, lan bumbu.[2] Bumbu mie Aceh padatan digawé saka brambang, bawang, lombok abang, kunir, jinten, mrica, jahe, tumbar, kacang brol goreng, miri, klapa kang disangan, lan lada kang dialusake.[2] Dijangkepi karo irisan tomat, unclang, daging kang diiris tipis-tipis, sarta tauge.[1] Duduhe wernane abang, nyemek, kenthel kaya lo mie. Mie Acèh disuguhake bareng karo irisan timun, brambang, lombok rawit, lan emping goreng.[1] Bisa uga nganggo kacang goreng, bawang goreng, cuka, lan jeruk nipis.[2]

Mie Acèh iku ana maneka werna ya iku mie gorèng, mie godhog kang memper karo sup utawa kari, lan mie tumis (padatan diarani déning wong Aceh minangka mie goreng teles jalaran mie nganggo duduh sithik).[2] Katelune padha-padha nduwé cita rasa kang khas.[2] Mie Aceh iki saiki bisa ditemoni ing kutha-kutha gedhé kayata Surabaya lan Jakarta.[2]

Cathetan suku

  1. a b c Mandi Keringat Menyantap Mie Aceh! (12 Agustus)
  2. a b c d e f Mi Aceh Menggugah Berkat Rempah (12 Agustus 2011)