Menyang kontèn

Torii

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Torii ing Kuil Itsukushima

Torii (鳥居?) inggih punika yasan ing kuil Shinto ingkang dados watesing antawisipun papan kanggé mapan manungsa kaliyan kawasan suci papanipun Kami [1]. Kajawi punika, yasan mau gadhah fungsi minangka lawang gerbang kuil. Wujudipun tori punika wujud kalih palang ingkang sejajar lan dipunsangga kalih cagak vertikal. Wangunan punika kathahipun dipuncat mawi warni abrit (oranye) lan kadang kala ugi boten dipuncat (warna asli bahan yasan). Sanajan padatanipun kapanggih wonten ing margi kanggé mlebet ing kuil Shinto, torii ugi saged kapanggih ing mausoleum kamaharajan lan sapérangan kuil Buda ing Jepang. Simbol torii wonten ing peta terbitan Jepang minangka tandha papanipun kuil Shinto.

Asal usul

[besut | besut sumber]

Asal usul torii punika gegayutan kaliyan legènda Jepang kuna. Amataresu [2] ingkang dukha (marah) marang rayi kakungipun ingkang remen nganggu. Amataresu ndelik wonten ing gua saking watu karang ingkang dipunsebat Ama no iwato. Mergi kanggé mlebet ing gua mau dipuntutup kaliyan watu karang saéngga kadadosan gerhana srengéngé. Tiyang-tiyang sami ajrih bilih srengéngé boten medalaken cahyanipun malih. Awit saking wewarah saking satunggaling tiyang, sadaya naganaki tokoyo no tori (pitik lanang) dipunkempalaken lan dipundamel kluruk. Amataresu lajeng péngén mangertos kénging menapa pitik sami kluruk lajeng watu karang ingkang nutupi dalan mau dipunbikak sakedhik. Pesumo mawi awak ingkang ageng ndorong watu mau saéngga gua kabikak. Srengéngé medal malih lan donya slamet. Wit kanggé mencokipun pitik ingkang dipunsukakaken ing ngajengipun altar jaréné minangka yasan torii ingkang kapisan. Wangunan ingkang mirib kaliyan torii ugi kepanggihaken wonten ing pamukiman bangsa Tai. Wangunan Torana ing India utawi Paifang asal saking Cina ugi mirib kaliyan torii.

Wujud yasan

[besut | besut sumber]
Pérangan yasan. Torii awujud myōjin (inggil) lan torii awujud shinmei (ngandhap)

Padatanipun yasan torii kapérang saking 2 cagak vertikal ingkang nyangga 2 palang sejajar ing pérangan nginggil yasan. Palang pérangan nginggil saged wonten 2 palang susun ingkang dipunsebat palang kasagi lan palang shimagi. Déné palang bagéeyan ngandhap punika dipunsebat nuki. Manawi dipunpasangi papan nama kuil (gakuzuka), lajeng papan nama mau dipunpasang ing antawisipun palang shimaki lan palang nuki. Katingal saking wujudipun, torii dipunpérang dados kalih wujud inggih punika shinmei lan myōjin. Wujud kalih punika dados wujud dhasar saking manéka jinis torii. Sapérangan ageng torii kalebet sumbangan saking pendhèrèk kuil mau saéngga wujud torii ugi gumatung déning kekajengan tiyang ingkang paring sumbangan. Wujud torii kasuga saged kémawon dipundamel ing Kuil Kashima lan boten wonten gegayutanipun kaliyan Kami ingkang dipunpuja.

Torii ugi dipun-ginakaken kanggé nedahaken gegayutanipun antawisipun kuil Shinto ingkang sejinis, tuladhanipun torii wujud Yasukuni wonten ing Kuil Yasukuni lan manéka Kuil Gokoku ingkang wonten ing kathah papan ing Jepang, déné torii ingkang wujud sannō wonten ing Kuil Hie, Kuil Sannō, lan Kuil Hiyoshi.

Wujud shinmei

[besut | besut sumber]

Torii awujud shinmei (shinmei torii) punika wujuding torii ingkang paling biyasa amargi namung lurus kemawon. Kalih palang ing pérangan nginggil kapérang dados palang inggil ingkang dipunsebat kasagi lan palang ngandhap ingkang dipunsebat nuki. Palang inggil boten gadhah palang shimagi. Jinising torii wujud shinmei: shinmei torii, kashima torii, ise torii

Wujud myōjin

[besut | besut sumber]

Torii awujud myōjin (myōjin torii) punika wujudipun torii mawi ornamen lan garis lengkung. Kalih palang ing pérangan inggil saking palang kasagi lan palang shimaki palang pérangan ngandhap ingkang dipunsebat nuki. Kalih cagak penyangga punika tegak lurus kaliyan lemah (radi miring). Jinising torii awujud myōjin: myōjin torii, kasuga torii, hachiman torii, inari torii, sannō torii, ryōbu torii, miwa torii, lan mitsuhashira torii.

Torii kondhang

[besut | besut sumber]
Tigang torii paling éndah
Torii kanthi dhuwur 8 m saking jaman Muromachi ing Kimpusen-ji.
Mapan wonten ing tengahing sagara ing ngajengipun yasan kuil utami, gadhah 4 cagak kanggé nyangga tambahan saking kayu camphor. Torii ingkang sapunika kapungkasan dipunyasa ing taun 1875, lan kalebet yasan génerasi kaping 8 saking yasan génerasi kapisan ing jaman Heian.
  • Shitennō-ji ing Osaka gadhah torii mawi ukuran ageng saking watu ingkang tuwa dhéwé ing Jepang.
Torii kondhang sanèsipun
  • IngKuil Fushimi Inari wonten langkung saking 10.000 yasan torii.
  • Ing Kuil Heian, Kyoto wonten yasan torii kanthi dhuwur 24,4 mèter ingkang kalebet yasan torii paling inggil ing Jepang.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Jepang, (dipunakses tanggal 11 Maret 2013}}
  2. Torii, Gerbang Kuil Itsukushima Archived 2013-02-17 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 11 Maret 2013}}

Pranala njawi

[besut | besut sumber]