Menyang kontèn

Parlemèn Walanda

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Parlemèn Walanda iku déwan pawakilan praja utawa rakyat kang ana ing nagara Walanda. Ing basa Walanda, parlemèn iki resminé diarani Staten-Generaal van het Koninkrijk der Nederlanden. Parlemèn Walanda kawangun saka rong pérangan utawa diarani 'bilik' utawa 'kamar'. Kamar Kapindho utawa Tweede Kamer der Staten-Generaal utawa cekaké Tweede Kamer, iku anggotané cacahé ana 150 lan dipilih langsung déning para pamilih. Banjur Kamar Kapisan utawa Eerste Kamer der Staten-Generaal utawa cekaké Eerste Kamer, iku anggotané cacahé ana 75 lan dipilih déning anggota DPRD tingkat 1 utawa tingkat provinsi Walanda.

Tugas mligi Kamar Kapindho iki mriksa pamaréntah sarta nggawé lan nampa undhang-undhang kang wis digawé kabinèt. Banjur tugas mligi Kamar Kapisan iki ngabsahaké undhang-undhang.