Lodho
Panggonan asal | Indonesia |
---|---|
Tlatah utawa praja | Tulungagung, Trenggalek, Jawa Timur |
Woworan pokok | Pitik, santen, brambang, bawang, lombok gedhe, lombok, merica, ketumbar, kemiri |
Buku masakan: Lodho Médhia: Lodho |
Lodho (utawi lumrahipun kasèbut pitik lodho) inggih punika ulam pitik kang asalipun saking dhaérahTulungagung lan Trenggalek, Jawa Wétan, Indonésia . Ulam mènika kalèbèt dhaharan tradisional kang limrah disuguhakèn sabèn dintèn lan disuguhakèn pas dintèn riyadin agama Islam, kados Idul fitri lan Idul adha. Pitik lodho dimasak kanthi dipanggang utawi dibakar nganti èmpuk, banjur digodhog kalihan bumbon ingkang didamèl saking santèn lan rempah-rempah liyane. Dhaharan mènika kèraos gurih lan pèdhès kang asalipun saking santèn lan rèmpah-rèmpah. Umumé disuguhaké kalihan sèkul gurih utawi sekul udhuk.[1]
Sajarah
[besut | besut sumber]Sajarah lodho diwiwiti saking sèrat cènthini, rikala Majapahit kèdhayohan putri saking Surakarta lan kèparing pasugatan lodho. Maka ing wèktu niku mulai kasuhur lodho pitik.[2] Tembung lodho saget atègès "alus", amargi pitik punika dimasak nganti daging pitik èmpuk lan sagèt dipisahaké saka balungé. Lodho uga sagèt ditègèsi minangka dhaharan gurih kang didamèl saking santèn kènthèl sangèt.
Tradhisi
[besut | besut sumber]Nganti saiki, pitik lodho wonten gègayutanipun kalihan tradhisi tiyang Tulungagung lan Trenggalek ing macèm-macèm adicara kados selamètan, syukuran lan riyadin.[3] Ing Tulungagung, wontèn tradhisi Ambèngan nalika Idul Fitri lan Idul Adha ingkang badhé dipun dadosakèn ambèng awujud pitik lodho lan sèkul. Siji lodho (rupa ingkung) bakal dièdum kanggé tiyang sèkawan lan didhahar bebarèngan sabanjurè sholat Ied.[4] Wontèn ing Pantai Prigi, Trenggalék, dhaharan gurih lodho sèga inggih menika pitik lodho lan sega gurih dipun ginakakèn kanggè sesaji slametan njangkar, jinis kawilujengan ingkang dipun adakakèn déning juragan kapal lan warigaluh sèsasi sèpisan sasampunipun wulan dadari. Sèsajén pitik lodho lan sèkul gurih ngawèrohi gègayutanipun manungsa kalihan Gusti. Sèsaji mènika gadhahi ancas kanggé ngirim dunga lumantar pèrantaranipun Kangjèng Nabi Muhammad SAW saha para lèluhur ingkang gadhah pèpénginan supados gègayuhanipun kasèmbadan saha dipun kabulaken dening Gusti. Tradhisi slamètan njangkar punika tasih wontèn hubungan kalihan tradhisi Kejawen lan kapitayan ing bab panguwasa Sègara Kidul Nyi Roro Kidul kang tasih diugemi déning masyarakat, sanajan wis mlèbèt agama Islam.[5]
Ananging sak mènika lodho sampun disadé damèl dhaharan limrah tèn warung. Anaging lodho mbotèn disajekaken ndamèl sèkul gurih lan pitik ingkung, namung ndamel duduh santen lan pitik kang pun disigar dados sekawan.[6]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ admin (2022-04-05). "Ayam Lodho Harta Kuliner Terpendam dari Tulungagung". Djoeragan Food (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Diarsip saka sing asli ing 2023-02-01. Dibukak ing 2023-01-30.
- ↑ Pimred. "Museum Mpu Tantular Gelar Peragaan Ayam Lodho dari Trenggalek". www.jatimpos.co (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-01-30.
- ↑ Dhiba, Ichdiana Sarah (2020-10-06). "BERSYUKUR LEWAT PEDAS DAN GURIHNYA AYAM LODHO". Cagar Budaya Jawa Timur (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2022-03-30.[pranala mati permanèn]
- ↑ Aprilisa, Hani Ananda; Setyawan, Bagus Wahyu (2021). "Makna Filosofis Tradisi Ambengan di Hari Raya Idul Fitri dan Idul Adha Bagi Masyarakat Tulungagung". Sumbula: Jurnal Studi Keagamaan, Sosial dan Budaya (ing basa Indonesia). 6 (2): 153–161.
- ↑ Puspita, Ayunda Riska (2018-10-31). "Refleksi Kepercayaan Masyarakat Pesisir Pantai Prigi dalam Sajen Slametan Njangkar (Kajian Etnolinguistik)". Jurnal Masyarakat dan Budaya (ing basa Indonesia). 20 (2): 261–272. doi:10.14203/jmb.v20i2.614. ISSN 2502-1966.
- ↑ angelin, sisil (2018-12-13). "9 Ayam Lodho Paling Enak di Tulungagung dan Trenggalek". GoTravelly (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2023-02-01.