Kudis
Kudis utawa scabiés ya iku lelara kulit sing disebabaké déning tungau (mite) Sarcoptes scabiei sing racaké ciriné ana keropeng, botak, lan gatel ing kulit [1]
Sarcoptes scabiei ya iku tungau duwé ciri-ciri wujud ameh bunder duwé 8 sikil cekak, pipih, ukurane wantara (300–600 μ) x (250-400 μ) sing wadon, lan (200-240 μ) x (150-200 μ) sing lanang, racaké urip ing lapisan epidermis [2]. Permukaan dorsal teka tungau iki ditutupi déning lipatan lan lekukan wujud garis melintang dadi bisa ngasilaké sejumlah skala segitiga cilik [3]. Saliyané kui, sing wadon duwé bulu cambuk ing pasangan sikil kaping 3 lan kaping 4 lan ning lanang, bulu cambuk ana ing pasangan sikil kaping 3 [4]
Prosès Penyakit
[besut | besut sumber]prosès lelara kudis ya iku:[2]
- Infeksi teka lelara iki diawali tungau wadon utawa nimfa stadium kaping2 sing aktif gawé terowongan ing epidermis utawa lapisan tanduk. Ing terowongan kui diwènèhi 2-3 butir Endhog saben dina.
- Endhog menetas wantara 2-4 dina sing sawisé dadi larva sing duwé sikil 6.
- Wantara 1-2 dina larva jilma dadi nimfa stadium 1 lajeng tumuwuh dadi nimfa stadium2, sing duwé sikil 8. * Nymfa iki dadi tungau wadon mudha, sing siyap kawin karo tungau lanang
- Tungau tumuwuh dadi tungau diwasa wantara 2-4 dina.
Kanggo nyeleseake daur hidup teka endhog nganti ngendhog manèhmbutuhake wektu wantara 10-14 dina.[2] Waktu sing diperluke endhog dadi tungau diwasa wantarane 17 dina.[2] Tungau wadon sing tinggal ing kantong ujung terowongan, sawisé 4-5 dina sawisé kopulasi, bisa ngendhok manèh nganti umuré kurang luwih 3-4 minggu [2].
Tandha-tandha
[besut | besut sumber]Tandha-tandha sing kas ing kudis ya iku liang ing lumah kulit, gatel, lan abang lan racaké ana infeksi sekunder, upamané akibat baktèri [5]. Ing bayi, tandha-tandha sing kas ya iku anané bisul ing telapak sikil lan telapak tangan [5]
Diagnosa
[besut | besut sumber]Kanggo diagnosa kudis iki bisa nganggo kerokan kulit ing keropeng nganti metu darah nganggo skalpel. Hasile kerokan kulit iku ditetesi KOH 10% ben tungau pisah teka reruntuhane jaringan kulit sing digawa kui. Banjur campuran mau diperiksa ing ngisor mikroskop [6]
Pencegahan
[besut | besut sumber]ora ana vaksin kanggo kudis dadine pencegahan kudu ngindari infeksi [2]. Kabèh pihan sing ana ing cedhak penderita perlu ditambani ing waktu bebarengan, walaupun durung ana tandha-tandha. Sandangan, handuk, seprai lan barang-barang sing bersentuhan karo kulit apike dicuci lan disetrika kanggo ncegah panularan.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Barhoom S and Dalaab AH. 2009. Clinico-pathological and Control Studies of Mange Caused by sarcoptes scabie in Naturally Infected Sheep and Goats Tulkarem Governorate
- ↑ a b c d e f Shttp://jv.wikipedia.org/wiki/Astamiwa:Perubahan_terbaruTèks gedhéubronto. 2006. Penyakit Infeksi Parasit dan Mikroba padha Anjing dan Kucing. Yogyakarja: Gadjah Mada University
- ↑ Lapaga Goffrey. 1962. Monnig’s Veterinary Helminthology and Entomology. 5th ed. London: Bailliere, Tindall and Cox. P: 516-528
- ↑ "Iskandar T. 2000. Masalah Skabies Pada Hewan dan Manusia serta Penanggulangannya". Diarsip saka sing asli ing 2014-10-22. Dibukak ing 2012-11-27.
- ↑ a b "Scabies" (PDF). DermNet NZ. New Zealand Dermatological Society Incorporated. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2009-03-27. Dibukak ing 2012-11-27.
- ↑ Hadi UK dan Soviana S. 2000. Ektoparasit: Pengenalan, Diagnosis dan Pengendaliannya. Bogor: IPB. P: 65-118