Menyang kontèn

Fisiologi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Fisiologi, iku asal saka tembung Yunani physis = 'alam' lan logos = 'carita'/(èlmu?), yaiku èlmu kang nyinaoni fungsi mekanik, fisik, lan biokimia saka makluk urip.

Fisiologi dipérang dadi fisiologi tetuwuhan lan fisiologi kéwan nanging prinsip saka fisiologi sifaté universal, ora gumantung marang sajinis organisme kang disinaoni. Upamané, apa kang disinaoni sajeroning fisiologi sèl khamir bisa uga dicakaké ing sèl manungsa.

Fisiologi kéwan diwiwiti saka metode lan peralatan kang dipigunakaké sajeroning pambelajaran fisiologi manungsa kang banjur sumrambah marang spésies kéwan saliyané manungsa. Fisiologi tetuwuhan akèh migunakaké teknik saka kaloro babagan iki.

Cakupan subjek saka fisiologi kéwan iku kabèh makluk urip. Akèhé subjek njalari panelitèn ing babagan fisiologi kéwan luwih kakonsèntrasi marang pemahaman owahing ciri fisiologis sadawaning sajarah evolusi kéwan.

Cabang ngèlmu liya kang tuwuh saka fisiologi iku biokimia, biofisika, biomekanika, lan farmakologi.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Fisiologi eksperimental diawali ing abad kaping-17, nalika ahli anatomi William Harvey njelasaké anané sirkulasi getih. Herman Boerhaave kerep sinebut bapak fisiologi amarga karyané wujud buku teks mawa judhul Institutiones Medicae (1708) lan cara mulangé kang cemerlang ing Leiden.

Babagan fisiologi

[besut | besut sumber]

Fisiologi duwé sawatara subbidhang. Elektrofisiologi magepokan karo cara kerja saraf lan otot; neurofisiologi nyinaoni fisiologi utek; fisiologi sèl nunjuk marang fungsi sèl kanthi individual.

Akèh babagan kang magepokan karo fisiologi, ing antarané yaiku Ekofisiologi kang nyinaoni efek ekologis saka ciri fisiologi kéwan utawa tetuwuhan lan suwaliké. Genetika dudu siji-sijiné faktor kang mengaruhi fisiologi kéwan lan tetuwuhan. Tekanan lingkungan uga kerep njalari karusakan ing organisme eukariotik. Organisme kang ora urip ing habitat akuatik kudu nyimpen banyu sajeroning lingkungan sèlulèr. Ing organisme mau, dehidrasi bisa dadi masalah gedhé.

Dehidrasi ing manungsa bisa kadadéan nalika ana paningkatan aktivitas fisik. Sajeroning babagan exercise physiology, wis dilakoni manéka panelitèn ngenani èfèk dehidrasi marang homeostasis.

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Cithakan:Kadhokteran