Menyang kontèn

Ciplukan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ciplukan
Cutleaf groundcherry
Klasifikasi ngèlmiah e
Karajan: Plantae
Klad: Tracheophyta
Klad: Angiospermae
Klad: Eudikotil
Klad: Asterids
Ordho: Solanales
Famili: Solanaceae
Subfamili: Solanoideae
Tribe: Physaleae
Génus: Physalis
Spésies: P. angulata
Jeneng binomial
Physalis angulata
L.
Sinonim[1]
  • Boberella angulata (L.) E.H.L.Krause
  • Physalis capsicifolia Dunal
  • Physalis esquirolii H. Lév. & Vaniot
  • Physalis lanceifolia Nees
  • Physalis linkiana Nees
  • Physalis ramosissima Mill.

Ciplukan utawa cèplukan iku jeneng jinis tetuwuhan sing wohé cilik, nalika mateng ketutup wohé déning klopak kembangé sing tambah gedhé. Woh iki uga dikenal ing panggonan liya kanthi aran cècènét utawa cècèndét (Sd.), lan nyurnyuran (Md.).

Ana 3 spésies kang bisa diarani ciplukan, ya iku Physalis angulata L., Physalis minima, lan Physalis peruviana. Déné tomatillo (Physalis philadelphica) duwé ukuran woh kang luwih gedhé.

Pamilahan

[besut | besut sumber]

Tuwuhan umur setahun, tegak, ndhuwur bisa nganti 1 m. Gagang kaya nduwé iga (="angulata") segi tajem lan growong. Godhongé bunder kaya endhog dawa kanthi pucuk mencit lan pinggirané bisa rata, bisa ora rata; 2,5-10,5 x 5–15 cm.

Kembang ing kèlèk kanthi gagang ngadeg, semu ungu, lan pucukè ndhingkluk. Klopaké kawilang lima kanthi lingir sudhut telu lan muncit ijo kanthi rangka ungu. Makuthané kaya klinthingan alekuk lima, kuning enom kanthi toh kuning tuwa lan semu coklat ing gulu pérangan njero, udakara 7–9 mm ndhuwuré. Gagang sari kuning pucet kanthi sirah sari biru enom.

Wohé ana ing njero wungkus klopak sing ngglembung awujud ndog nanging pucuké cilik, ijo enom semu kuning, kanthi rangka semu ungu, 2–4 cm dawané. Woh buni ing sajeroné iku awujud bunder dawa; 1,5–2 cm, matengé kuning, lan manis.

Ekologi lan kagunan

[besut | besut sumber]

Lumrahé thukul saparan-paran, ciplukan lumrahé kacampur karo tetuwuhan herba lan grumbulan liyané ing kebon, tegalan, sawah sing garing (utawa pas mangsa panèn, pinggir dalan, pinggir alas, lan sajeroning alas sing kena sinaring srengéngé.

Wohé bisa dipangan lan pérangan liyané bisa kagunakaké kanggo jamu.

Jinis sing mèmper

[besut | besut sumber]

Ing Jawa uga katemon jinis Physalis minima sing mèmper wujudé. Bédané ya iku jinis iki rambuté dawa ing gagangé lan godhong ijo (angulata: rambut cendhèk utawa gundhul); tandha V ing ngisor toh gulu makutha sing ora cetha (angulata: ana sakumpulan rambut cendhèk lan rapet mujud tandha V sing cetha); lan sirah sari warna kuning kuning kanthi paèsan biru.

Ciplukan warak Physalis peruviana kabudidayakaké ing Amérika Kidul, Australia lan Selandia Baru. Wohé dièkspor menyang Éropah.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  • Steenis, CGGJ van 1981. Flora, untuk sekolah di Indonesia. Pradnya Paramita, Jakarta.
  • Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2.
  1. "The Plant List: A Working List of All Plant Species". Dibukak ing 14 July 2014.