Kapuloan Galapagos
Situs Warisan Donya UNESCO
The World Heritage
| |
Jeneng | Kapuloan Galapagos |
(Jeneng Inggris) | Galapagos Islands |
(Jeneng Prancis) | Iles Galapagos |
Nagara | Ekuador |
Wiyar | 7.665,14 km² |
Kriteria | (i), (ii), (iii), (iv) |
Didhaftaraké | 1978 |
Diperpanjang | 2001 |
Situs web | Situs UNESCO |
Kapuloan Galápagos utawa Galapagos waé iku nagara kapuloan kang kapérang saka 13 pulo-pulo mawa geni lan wewaton kang ana ing Samodra Pasifik watara 1.000 kilomèter sisih kulon pasisir Amérika Kidul.
Sacara pulitis, Galapagos wujud péranganing Ekuador. Pulo paling tuwané umuré watara 4 yuta taun lan kang paling enom isih sajeroning prosès pambentukan. Galapagos pancèn wujud salah siji laladan gunung geni kang paling aktif ing donya.
Galapagos misuwur amarga gunggung spésies endemisé kang gedhé lan panlitèn kang dilakokaké déning Charles Darwin kang nggawa panjenengané nemu téyori selèksi alam.
Kapuloan iki dipérang dadi rong wilahan: lor lan kidul khatulistiwa. Garis khatulistiwa ngliwati pérangan lor pulo gedhé dhéwé, Isabela.
Galapagos dikukuhaké minangka cagar alam taun 1959, ngreksa 97,5% wewengkon kapuloan iki. Sisané diwènèhaké marang pamukiman manungsa kang wis ana wektu iku. Watara 1.000 nganti 2.000 wong manggon ing kana. Taun 1972 sawijining sènsus dilakokaké lan 3.488 jiwa kacathet. Tekan taun 1980-an, gunggung iki wis mundhak nganti 15.000 wong.
Taun 1986 lautan ing saubengé ditélakaké minangka cadhangan kalautan. UNESCO ngukuhaké Galapagos minangka Situs Warisan Donya taun 1978 kang banjur diperpanjang nalika Dhésèmber 2001 kanggo nglebokaké wewengkon cadhangan kalautan. Yayasan Charles Darwin kang didhèdikasikaké kanggo njaga kapuloan iki diyasa ing Bèlgi taun 1959.
Spesies kang wigati kalebu:
- Iguana dharat, Conolophus subcristatus
- Iguana laut, Amblyrhynchus cristatus (siji-sijiné jinis iguana kang mangan panganan saka laut)
- Bulus Raksasa Galapgos, Geochelone elephantopus, ditepungi minangka Galápago sajeroning basa Spanyol, iku kéwan kang dadi asal jeneng kapuloan iki.
- 13 spésies endemis manuk kutilang.
- Pinguin Galapagos, Spheniscus mendiculus
- Manuk laut kang ora mabur, Nannopterum harrisi
Pulo-pulo
besutJeneng pulo-pulo gedhé ing Kapuloan Galapagos ya iku:
- San Cristóbal
- Española
- Santa Fé
- Genovesa
- Floreana
- South Plaza
- Santa Cruz
- Baltra
- North Seymour
- Marchena
- Pinzón
- Rábida
- Bartolomé
- Santiago
- Pinta
- Isabela
- Fernandina
- Wolf
- Darwin
-
(Chelonoidis nigra) El Chato Reserve, Santa Cruz Galapagos
Pranala njaba
besutWikimedia Commons duwé médhia ngenani Galápagos Islands. |
- Artikel ing WorldWildLife.org
- Galapagos-Islands.net
- Kapuloan Galapagos Archived 2006-07-15 at the Wayback Machine.