Basa Urdu

Owahan 7 Novèmber 2011 13.25 déning ArthurBot (parembugan | pasumbang) (r2.6.3) (bot Menambah: sk:Urdčina)

Basa Urdu (Urdu: اردو, IPA: [ˈʊrd̪u]) iku sawijining basa ing Asia Kidul sing kalebu kulawarga Indo-Arya. Basa iki salah siji basa resminé Pakistan. Basa resmi sijiné yaiku basa Inggris. Saliyané iku bsa Urdu uga dadi basa resmi ing limang negara bagéyan India. Basa Urdu kalebu kelompok basa Hindustani lan isih mèmper karo basa Hindi. Prabédan utamané yaiku basa Urdu tinulis mawa abjad Arab kamangka basa Hindi tinulis mawa aksara Déwanagari. Saliyané iku basa Urdu ngamot akèh tembung-tembung serapan saka basa Arab lan basa Farsi. Kamangka basa Hindi sing mutakir luwih akèh ngamot tembung-tembung saka basa Sangskreta. Cacahé panutur ibu basa Urdu ana kurang luwih 65 yuta jiwa.