0% found this document useful (0 votes)
965 views9 pages

PTS Genap

PTS semester genap bahasa jawa SMA

Uploaded by

aqmaldandung11
Copyright
© © All Rights Reserved
We take content rights seriously. If you suspect this is your content, claim it here.
Available Formats
Download as DOCX, PDF, TXT or read online on Scribd
0% found this document useful (0 votes)
965 views9 pages

PTS Genap

PTS semester genap bahasa jawa SMA

Uploaded by

aqmaldandung11
Copyright
© © All Rights Reserved
We take content rights seriously. If you suspect this is your content, claim it here.
Available Formats
Download as DOCX, PDF, TXT or read online on Scribd
You are on page 1/ 9

1. Jenang gula, aja ... mengko awan sinau ing omahku ya!

Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ....
gulali
a.

b. lali

c. cengklungen

d. judheg

e. lunga

2. Pak Damar kagungan sawah jembar bawera. Menawa wayahe panen, tangga
teparo diparingi beras patang liter.
Tembung kang kacithak miring klebu tembung ....
entar
a.

b. camboran

c. garba

d. saroja

e. purwakanthi
3. Gatekna katrangan ing ngisor!
Pak Hardi nggoleki putrane sing durung mulih. Kamangka wis manjing surup.
Ora let suwe, Dimas ndhodhog lawang. Dimas matur menawa dolanan karo
kancane nganti lali wayah. Pak Hardi duka marang Dimas nganti ambegane
munggah-mudhun. Dimas saguh ora bakal mbaleni maneh.
Saka katrangan ing dhuwur, katrangan panyandra kang trep kanggo nggambarake
kahanane Pak Hardi yaiku ....

a. kumedhot padoning lathi

b. imba tepung lir kupu tarung

c. talingan lir sinebit

d. idep mangada-ada

e. jaja mengkap bang mawinga-winga

4. Awan iku mendhung peteng ing praupane Sinta banjur owah dadi udan brebel-
brebel. Banjur mbrebes mili saka pojoking netra. Tembung owah dadi udan
tegese yaiku ....

a. tangis

b. kringet

c. udan

d. seneng

e. banyu

5. Gatekna teks prasaja ing ngisor!


Tami iku siswa sing sregep lan pinter. Sanadyan saka kulawarga kang pas-
pasan, Tami tetep pracaya dhiri. Amarga kapinterane, Tami asring melu lomba
makili sekolah lan nampa bebungah. Awit saka iku, Tami kerep dadi papan
panggonan kanca-kancane takon samangsa ana pasinaon sing durung mudheng.
Tami ngajari kancane kanthi lila legawa.
Unen-unen kang trep karo surasa teks ing dhuwur yaiku ....

a. bathok bolu isi madu

b. rawe-rawe rantas malang malang putung

c. jer basuki mawa beya

d. busuk ketekuk pinter keblinger

e. dikena iwake aja nganti buthek banyune


6. Panganten kakung angagem makutha awarna kresna.
Tegese tembung kang kacithak miring yaiku ....
abang
a.

b. putih

c. ireng

d. ijo

e. coklat

7. Sarung jagung, sanadyan … kudu tetep ditandangi.


Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....

a. akeh

b. abot

c. ngaso

d. judheg

e. lali

8. Bayu pancen pantes dadi ketua kelas. Tandange cukat trengginas, ulate sumeh,
lan pundhake ....

a. tumenga ing tawang

b. ruruh jatmika

c. blarak sempal

d. nraju mas

e. gandhewa pinenthang

9. Ukara ing ngisor kang ngandhut tembung entar yaiku ....

a. Simbah mirsani ringgit purwa wonten ing bale desa.

b. Warga desa gugur gunung ndandani kreteg sing ambrol amarga banjir.

c. Wahyu dadi cagak urip ing kulawargane sawise bapake seda.

d. Wini matur karo ibune babagan pepenginane kanthi adu arep.

e. Rasane ati dadi ajur mumur krungu kabar sedulur sing nandang kacintrakan.
10. Tumetesing waspa tumiba ing pangkone Rama Ibu pindha mutiyara rinonce.
Basa rinengga kang kinandhut sajroning ukara ing dhuwur yaiku ....
paribasan
a.

b. parikan

c. bebasan

d. purwakanthi

e. pepindhan

11. Anggone maca teks panyandra kudu nggatekake saperangan babagan. Salah
sijine ngobahake awak, polatan, lan rasa kudu luwes, prasaja, lan ora digawe-
gawe. Kang mangkono diarani ....

a. wiraga

b. wirama

c. intonasi

d. wirasa

e. wicara

12. Ing ngisor iki kang nuduhake watake tembang Pocung yaiku ....

a. kayungyun

b. sakepenake

c. antepan ati

d. tresna asih

e. grapyak sumanak

13. Sajroning tembang macapat kang mujudake pirang-pirang pada, nanging isih
sajinis tembang diarani ....

a. laku

b. pada

c. pupuh

d. bawa

e. tembang
14. Tembang macapat kawengku dening paugeran kang pinathok. Salah sijine
paugeran guru wilangan. Carane nintingi paugeran kasebut yaiku ....

a. ngetung cacahing gatra saben sapada

b. ngetung cacahing wanda saben sapada

c. ngetung cacahing aksara saben sagatra

d. ngetung cacahing wanda saben sagatra

e. ngetung cacahing aksara swara saben sagatra

15. Ing ngisor iki kang ora klebu sasmitane tembang Asmaradana yaiku ....

a. sarkara

b. yudakenaka

c. kingkin

d. yungyun

e. brangta

16. Tumrape pawongan kang nandhang rasa susah jalaran asmara lumrahe
medharake rasane lumantar tembang ....

a. Pangkur

b. Gambuh

c. Dhandhanggula

d. Kinanthi

e. Asmaradana

17. Ing ngisor iki kang ora klebu sasmita tembang Mijil yaiku ....

a. wijil

b. raras

c. medal

d. galak

e. sulastri
18. Tembang Sinom nggambarake pawongan kang lagi ....

a. bungah atine

b. ngangsu kawruh

c. golek panguripan

d. lara atine

e. lair saka kandhutan

19. Gatekna pratelan ing ngisor!


Duwe watak ngresepake lan grapyak sumanak.
Kanggo medhar rasa sedhih amarga katresnan.
Sasmitane yaiku srinata, mudha, taruna.
(4) Paugerane 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a.
Kawangun saka sangang gatra, 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a.
Sasmitane yaiku sulastri, raras, wijil.
Saka pratelan ing dhuwur, kanggo nggambarake tembang Sinom katuduhake
nomer ....

a. (1), (3), lan (6)

b. (1), (3), lan (5)

c. (2), (3), (5), lan (6)

d. (3), (4), lan (6)

e. (3), (5), lan (6)

20. Tembang macapat ing ngisor kanggo mangsuli pitakon nomer 20–23!
Nadyan silih bapa biyung
kaki nini
Sadulur myang sanak
Kalamun muruk tan
becik
Nora pantes yen den
nuta
Kanthi nintingi paugerane, tembang ing dhuwur arane ....

a. Mijil

b. Pocung

c. Maskumambang

d. Megatruh

e. Gambuh
21. Tegese tembung kalamun yaiku ....

a. tansah

b. aja

c. ora

d. bisa

e. menawa

22. Tegese gatra kapapat yaiku ....

a. menawa becik anggone mulang muruk

b. ora pantes dianut pamulange

c. menawa ora becik anggone muruk

d. sanadyan wong liya

e. sanadyan isih tunggal rama ibu lan sedulur

23. Watake tembang ing dhuwur yaiku ....

a. grapyak

b. rumaket

c. antepan ati

d. susah

e. brangta

24. Titi laras tembang macapat yaiku laras slendro lan pelog. Dene sing dadi pathet
laras slendro yaiku ....

a. pathet nem, sanga, manyura

b. pathet nem, sanga, barang

c. pathet manyura, nem, barang

d. pathet sanga, manyura, barang

e. pathet barang lan manyura


25. Paugeran 12u, 6a, 8i, 12a, nuduhake tembang ....

a. Durma

b. Megatruh

c. Maskumambang

d. Pocung

e. Gambuh

26. Wong anom kudu bisa ngangsu kawruh saakeh-akehe amrih bisa migunani. Kang
mangkono gegambaran saka tembang ....

a. Pangkur

b. Gambuh

c. Dhandhanggula

d. Kinanthi

e. Sinom

27. Kang diarani guru lagu yaiku ....

a. tibaning swara saben pungkasan pada

b. cacahing wanda saben sapada

c. cacahing wanda saben sagatra

d. tibaning swara wanda pungkasan saben gatra

e. tibaning swara ing pungkasan pupuh

28. Rasa susah karanta-ranta iku mathuk menawa digambarake lumantar tembang
....

a. Pocung

b. Durma

c. Maskumambang

d. Gambuh

e. Mijil
29. Tembang Dhandhanggula mathuk kanggo ....

a. piwulang kang dhuwur

b. pambuka gendhing

c. nggambarake rasa susah

d. nelakake cangkriman

e. mituturi

30. Mangertenana tembang macapat ing ngisor!


Aja nganti kabanjur
Barang polah kang ora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
Surasane tembang ing dhuwur yaiku ....

a. ajaran bab sopan santun

b. amrih duwe watak andhap asor

c. piwulang bab kajujuran

d. ajaran tumindak mandiri

e. piwulang bab tata krama

You might also like