Cerita Bhsa Jawa
Cerita Bhsa Jawa
Cerita Bhsa Jawa
Sore iku langit mendung, ora let suwe udan riwis-riwis. Ing njaba, latar
sing kebeg awu kemebul lan panas ngenthak-ngenthak banjur katon adem
kasirep banyu udan. Bocah-bocah sing padha rame-rame dolanan padha
mlayu balik maring umahe dhewek-dhewek. Wis biasa ing ngarep umah iku
kanggo pusate dolane bocah-bocah, malah ana sing ngarani gang kelinci.
Ing kono akeh keluarga mudha sing duwe bocah cilik-cilik.
Sore iku Atik njagong ing mbale nyawang ngarep sing wis katon sepi,
karo nikmati hawa adem lan tetese udan sore sing nyirep kebule awu lan
panase awan mau. Adem krasa liyer-liyer ngalamun anjog ngendi ndi ora.
Biasa jam semono iku wayahe istirahat, kas tangi turu banjur medang teh
panas bareng-bareng. Mas Ganda ya wis tangi, wis sholat ashar, terus
nyusul njagong ngarep bebarengan. Bocah-bocah ana sing nonton TV, lan
ana sing lagi makani ayam ing mburi. Biasa anggere lagi jagongan banjur
crita mana mene. Sing dicritakake bab anggone mulang murid-murid SMK
sing padha nakal-nakal lan susah diatur. Atik paling mung bias menehi
saran lan semangat. Sing sabar, sing penting wis menehi pendidikan lan
ngarahaken tingkah laku sing apik lan becik. Lagiyan mas ganda kan dudu
guru kan kepala sekolah, dadi ora tanggung jawab langsung maring murid-
murid.
Allah Maha Kuasa, Allah Maha Pencipta. Pancen bener, apa sing Allah
kersaakaken, manungsa ora bisa nolak, kudu pasrah, lan kudu ikhlas.
Malem jumat kliwon, malem tanggal 1 Mei 2017 Allah memanggil Mas
Ganda kanggo sak lawas-lawase sing wis ora bisa balik maning. Atik peteng
ndhedhet, pedhut lelimengan, langit kaya ambrug ngebrugi awak. Dhadha
sesek, pandangan peteng, terus lali ura weruh apa-apa. Bareng wise ling pipi
dikeplaki, tangan dijiwiti krasa lara, jebule nyata ora mung ngimpi. Mas
Ganda ngadep ngarsane Gusti tanpa poyan, tanpa pesen apa-apa. Kaya kuwi
sing gawe ura percaya, kaya ngimpi disiang bolong. Isih akeh nemen angen-
angen lan mimpi-mimpi sing durung kelakon. Sing biasane di adepi bareng-
bareng, saiki mung dewekan.
Wis rong tahun luwih kenangan kuwi ora bisa ilang tansah lengket ing
pikiran. Nanging kepriben maning ketentuan Allah ora bisa digugat. Atik
kudu ikhlas, ndeyan mengko Allah kagungan rencana sing luwih apik, sing
ora dingerteni daning menungsa.Mung doa sing bisa dikirimna maring
Almarhum, muga-muga diparingi panggon ing sisine Allah yaiku surgane
Allah. Atik kudu bangkit, kudu gumregah neruskake amanat lan
perjuangane. Anak-anak kudu rampung pendidikane lan kudu bisa sukses.
Anak-anak kudu bisa mikul dhuwur mendhem jero maring wong tua.