Menyang kontèn

Uler

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Macrothylacia rubi.
Uler

Uler iku tahap larva saka spesiés sajeroning ordho Lepidoptera, sing nyakup kupu-kupu lan ngengat.[1] Akèh-akéarupa kéwan pamangsa sanadyan sawatara spesiés wujud pamangsa gegremet.[1] Uler dianggep ama sajeroning tetanèn.[2] Akèh spesiés ngengat kang tahap uleré njalari krusakan ing woh-wohan lan produk pertanian liyané.[2]

Gambar uler
  1. ndhas
  2. Dhadha
  3. Weteng
  4. Spirakulum
  5. Kait anal
  6. Suthang weteng (abdominal)
  7. Segmen
  8. Suthang dhadha (thoracis)
  9. Antena

Uler lumrahé duwé awak dawa awangun gilig (silinder).[2] Uler nduwé telung pasang suthang sing sajati ana ing telung segmen dhadha, ditambah patang pasang suthang semu sing karan suthang weteng ing ségmén tengah weteng lan inga sepasang suthang weteng ing ségmén weteng pungkasan.[2] Uler duwé sepuluh ségmén weteng.[2]

Suthang weteng (abdominal)Papilio machaon
Sphinx ligustri

Ama uler wulu kang paling parah ya iku kang kadadédan ing Purbolinggo.[3] Ing Probolinggo ana pitung désa kang kaserang ama uler wulu.[3] Uler wulu cacahé ora mung éwonan nanging yutonan.[3] Uler wulu padha tumémplék ing wit-witan lan ing témbok-témbok omah, lan ana kang lumebu omah warga.[3] Saliyané akèh, uler wulu iki uga nggawé gatel.[3] Wulu kang ana ing awaké uler iki kang marakaké rasa gatel.[3] Amarga ama uler kang ngebaki désa, para warga dadi keganggu lan ora bisa nyambut gawé amarga kudu ngresiki uler-uler mau.[3]

Carané mbrantas ama uler iki kanthi nyemprotaké pestisida ing wit-wit kang ditémpléki uler lan ngetoki pang-pang kang ana ig wit, ancasé supaya godhongé bisa kurang.[3] Kajaba iku uga bisa kanthi nambah populasi manuk ing tlatah kang kaserang ama uler, supaya manuk bisa mangani uler-uler mau lan populasi uler bisa kurang.[3] Kanggo ncegah uler saya akèh uga bisa kanthi penyemprotan insèktisida lan obat gegremet ing tandurané warga, supaya uler bisa mati yèn mangan tanduranne.[4] Salah sawijining uler kang rikat banget gedhé ya iku jinis desgiria inclusa.[4] Ama uler wulu kang akèh cacahé disebabaké amarga kurangé populasi predator manuk alasan kang mangan uler.[5] Yèn manuk terus diburu terus kanggo dipangan lan didol, koléksi utawa kasenengan bakal nukulaké bencana ékologi lan bisa ndadèkaké populasi uler lan kupu-kupu kang urip dadi akèh banget.[5]

Uler kang akèh banget iku uga disebabaké amarga iklim kang molah-maleh ora tinamtu.[1] Iklim kang molah-maleh uga njalari temperatur lingkungan kang molah-malih.[1] Yèn temperatur lagi panas uler wulu saya akèh lan rikat anggoné manak.[1] Uler bisa ngendhog cacahé kurang luwih 70-300 endhog saben uler.[1] Uler bisa dikendalikaké nganggo mungsuh alami uler ya iku manuk, parasitoid, lan kena uga nganggo lampu UV, lan perangkap feromon séks.[1]

Hoang Duc Huy, Ilmuwan Biologi saka HCM City University of Natural Sciences negasaké yèn manuk pelatuk kang mangan uler cacahé saya sithik amarga manuk-manuk padha ngaléh migrasi awit ing panggonan asalé akèh polusi.[2] Faktor polusi uga dadi faktor kang njalari saya akéhé uler wulu.[2] Perburuan saya akèh lan konséntrasi polutan udara saka beluk karbon, saya taun tambah mundhak.[2]

Habitat

[besut | besut sumber]

Uler urip ing wit-witan kang akèh godhongé, amarga godhong wit iku kang dadi pakanné.[6] Nanging ana uga uler kang urip ing wit-wit kang tinamtu, upamané ing wit jeruk, wit pelem, wit klapa, wit palem, wit jambu.[6] Lumrahé uler-uler iki nduwé jeneng kayak wit sing ditémpléki, upamané uler kang urip ing wit jeruk diarani uler jeruk, uler kang urip ing wit jambu diarani uler jambu.[6] Yèn wayah awan uler lumrahé ngiyup ing wit-witan kang nggrembuyeng, lumrahé urip gemantung ing sakwaliké godhong.[6] Uler uga seneng ngiyup ing omah lan kandhang amarga adhem.[6] Uler wulu duwé sipat noktural ya iku uler kang aktif ing wayah bengi.[1]

Jinisé uler

[besut | besut sumber]

Famili Lymantriidae[6]

  • Lymantria marganita [6]
  • Arctornis submarginata.[6]
  • arctornis sp [1]
  • lymantria atemeles collenette [1]

Tamba gatel

[besut | besut sumber]

Gatel kang disebabaké wulu uler bisa ditambani nganggo wiji rimbang.[5] Rimbang dipecah dadi loro lan digosok-gosokaké ing kulit kang gatel, wiji-wiji rimbang dijarké tetep némplék ing kulit kang gatel.[5] Sawisé iku enténi kurang luwih 5 nganti 10 menit, banjur rasa gatel sithik mbaka sihik bakal ilang.[5] Rimbang uga bisa kanggo netralaké racun kang ndadékaké gatel-gatel ing kulit kang kena wulu uler.[5] Rimbang iki lumrahé digunakaké masarakat Tobing Tinggi, Madina.[5]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j [1] Archived 2011-04-11 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 11 April 2011)
  2. a b c d e f g h [2] Archived 2013-01-26 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 11 April 2011)
  3. a b c d e f g h i [3][pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 11 April 2011)
  4. a b [4](dipunundhuh tanggal 11 April 2011)
  5. a b c d e f g {{id]][5](dipunundhuh tanggal 11 April 2011)
  6. a b c d e f g h [6](dipunundhuh tanggal 11 April 2011)

Uga delengen

[besut | besut sumber]