Menyang kontèn

Mikir kritis

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Mikir kritis ya iku cara mikir manungsa nalika nanggepi wong[1] kanthi cara nganalisis kasunyatan saperlu nggawé pambijèn.[2] Subjèké komplèks, lan ana sawenèh dèfinisi kang béda babagan konsèp iki, kang lumrahé ngrakup analisis rasional, skèptis, ora bias, utawa évaluasi bukti kang sunyata. Pokok isiné wujud mikir kritis iku pamikiran mandhiri, pandhisiplinan, pawawangan, lan korèksi awaké dhéwé.[3] Mikir kritis ancasé kanggo nggolèki pasarujukan marang standar unggul kang ketat lan panganggo kang bener. Bab iki mbutuhaké sesambungan kang éfèktif lan kabisan parampungan prakara sarta kanggo ngadhepi égoséntrisme[4][5] lan étnoséntrisme.

Sajarah

[besut | besut sumber]
Reca Sokratès

Cathetan paling dhisik babagan pamikiran kritis iku piwulangé Sokratès kang dicathet déning Plato. Cathetané ngemu pérangan pacelathoné Plato. Pacelathoné iku isiné ngenani Sokratès caturan karo siji utawa luwih lawan wicara babagan prakara étika kaya déné pitakonan: apa becik Sokratès mlayu saka pakunjaran.[6] Para filsuf nimbang-nimbang lan mikir pitakonan iki lan olèh dudutan yèn "mlayu saka pakunjaran" bakal nglanggar sakabèhing bab kang dhèwèké ugemi marang bab kang luwih luhur saka dhèwèké dhéwé: ya iku ukum Aténa, lan Sokratès ndhaku kaprungu swara panuntun (wangsit).[6]

Sokratès netepaké kasunyatan yèn sawijining wong ora bisa gegondhèlan karo wong kang "wenang" kanggo ndarbèni kawruh lan wawasan kang becik. Dhèwèké nuduhaké yèn wong bisa nduwé kuwasa lan pangkat dhuwur, nanging bingung lan irasional banget. Sokratès awèh panemu yèn wong kang kapéngin nduwé kauripan kang apik lan patut dilakoni, dhèwèké kudu dadi tukang takon mawa sipat kritis lan jiwa interogatif.[7] Dhèwèké netepaké kaya apa wigatiné ngajokaké pitakonan kang jeru menyang pamikiran sadurungé awaké dhéwé nampa gagasan minangka kaanan kang patut dipitayani.

Sokratès netepaké kaya apa wigatiné "nggolèki bukti, mriksa panalaran lan asumsi kanthi ngati-ati, nganalisis konsèp dhasar, lan nlusuri implikasi ora mung saka apa kang diujaraké, nanging uga saka apa kang ditindakaké".[8] Mètodhe pitakonan iki sapréné aran "Pitakonan Sokratès" lan minangka strategi pamulangan mikir kritis kang paling kawentar. Ing sajroning modhe pitakonané, Sokratès miterang preluné mikir kanggo pawedharan lan konsistènsi logis. Dhèwèké ngajokaké pitakonan marang wong-wong kang ngudhar pamikiran irasional utawa kurangé kawruh kang bisa diandelaké. Sokratès nuduhaké yèn ndarbèni wenang ora njamin kawruh kang akurat. Dhèwèké netepaké mètodhe mitakoni kapitayan, mriksa asumsi kanthi ngati-ati lan ngandelaké bukti lan alesan kang kena ing nalar. Plato nyathet piwulangé Sokratès lan mbacutaké tradhisi mikir kritis. Aristotélès lan skèptis Yunani sabanjuré nyampurnakaké piwulangé Sokratès, nganggo pamikiran sistematis lan ngajokaké pitakonan kanggo mesthèkaké sipat satemené saka babagan kang nyata ing jaba cara bab-bab saka pasawangan saklébatan.[9]

Sokratès netepaké agènda tradhisi mikir kritis, ya iku kanthi cara réflèktif mitakonaké kapitayan lan wedharan umum kanthi ngati-ati mbédakaké kapitayan kang kena ing nalar lan logis karo kurangé bukti kang cukup utawa landhesan rasional kanggo njamin kapitayan.

Mikir kritis diandharaké déning Richard W. Paul minangka obahan (movement) kang dumadi saka rong gelombang (1994).[10] "Gelombang kapisan" mikir kritis kerep ingaran 'analisis kritis' kang cetha, ya iku pamikiran rasional kang nglebokaké kritik. Rerincèné akèh jinisé manut wong-wong kang mènèhi surasa. Miturut Barry K. Beyer (1995), mikir kritis tegesé nggawé pambijèn kang cetha lan nduwé alesan. Sasuwéné prosès mikir kritis, idé-idé kudu nduwé alesan, dipikir kanthi trep, lan dibiji.[11] Dhéwan Nasional AS kanggo Kaunggulan sajroning Mikir Kritis[12] nyurasani yèn mikir kritis minangka "prosès dhisiplin intelèktual kanthi giyat lan prigel ngonsèptualisasiaké, nrapaké, nganalisis, nyintèsis, utawa mbiji katrangan kang diklumpukaké saka–utawa diasilaké déning–pangamatan, pangalaman, réflèksi, panalaran, utawa sesambungan, minangka panuntun kanggo kapitayan lan tindak tanduk."[13]

Dèfinisi

[besut | besut sumber]

Sacara padatan

[besut | besut sumber]

Sacara padatan, mikir kritis nduwé manéka dèfinisi kaya ta:

  • "Prosès ngonsèptualisasiaké, nrapaké, nganalisis, nyintèsis, lan mbiji katrangan kanthi giyat lan prigel saperlu nggayuh pawangsulan utawa dudutan"[14]
  • "Pamikiran dhisiplin kang cetha, rasional, mawa pikiran binuka, lan katerangaké karo bukti"[14]
  • "Pambijèn kanggo tujuan lan nata dhèwèké dhéwé kang ngasilaké interpretasi, analisis, évaluasi, lan dudutan, sarta wedharan babagan pratimbangan bukti, konsèptual, mètodhologis, kriteriaologis, utawa kontèkstual kang dadi dhasaring pambijèn iku."[15]
  • "Kalebu komitmen kanggo migunakaké akal sajroning parumusan kapitayaning awaké dhéwé"[16]
  • "Kaprigelan lan kaluwihan kanggo mèlu kagiyatan mawa skèptisisme réflèktif" (McPeck, 1981)[17]
  • Mikir babagan pamikiraning wong liya kanthi cara nata lan klarifikasi, mundhakaké éfisiènsi, lan nepungi kasalahan lan bias sajroning pamikirané dhéwé. Mikir kritis dudu mikir 'abot', lan uga ora nduwé piguna kanggo ngrampungaké prakara (kajaba 'mundhakaké' pamikirané dhéwé). Mikir kritis karepé kanggo maksimalaké rasionalitas wong kang mikir. Wong ora nganggo pamikiran kritis kanggo ngrampungaké prakara, nanging kanggo mundhakaké prosès mikiré.[18]
  • "Pambijèné dhedhasar évaluasi analitis kang ngati-ati"[19]
  • "Mikir kritis iku jinis pola pikir kang mbutuhaké sawiji wong supaya luwih réflèktif, lan nggatèkaké panjupukan kaputusan kang bakal nuntun menyang kapitayan lan tindak tanduké. Mikir kritis nggawé wong ngimpun dudutan mawa luwih akèh logika, mrosès informasi kang canggih lan ndeleng saka sawetara sisih prakara, mula dhèwèké padha bisa ngasilaké dudutan kang luwih solid."[20]
  • Mikir kritis ndarbèni 7 titikan kritis: péngin ngerti lan péngin weruh, mikir binuka saka sisih kang béda, bisa mikir sistematis, analitis, gigih marang kaleresan, pracaya dhiri bab pamikiran kritisé dhéwé, lan pungkasané, dadi diwasa.[21]
  • Senajan ta mikir kritis bisa didèfinisikaké ing sawetara cara kang béda, ana pasarujukan umum ing komponèn pokoké — kapénginan kanggo nggayuh asil kang maremaké, lan iki kudu digayuh karo pamikiran rasional lan cara kang bisa ngolèhaké asil. Halpern mikir yèn mikir kritis nyampuraké kabisan kang disinaoni kaya ta parampungan prakara, pétungan, lan patrapan probabilitas kang kasil. Bab iki uga kalebu kacondhongan kanggo nyampuraké prosès mikir. Kang paling anyar, Stanovich mitayani yèn tès IQ modhèren mèh ora bisa ngukur kabisaning mikir kritis.[22]
  • "Mikir kritis satemené ya iku mitakoni, nantang kawruh lan kawicaksanan kang dirasakaké. Bab iki nganggo idé-idé lan informasi saka posisi objèktif lan tumuli mitakonaké katrangan iki sajroning pangaji-aji awaké dhéwé, solah lan filosofi pribadi."[23]

Sacara panalitèn

[besut | besut sumber]

Para sarjana pamikir kritis kontèmporèr njembaraké mikir kritis ing sajroning dèfinisi padatan. Bab iki kalebu kuwalitas, konsèp, lan prosès kaya déné kréativitas, angen-angen, panemon, réflèksi, empati, kawruh panghubung, téori fèminis, subjèktivitas, ambiguitas, lan kaora-cethaan. Sawenèh dèfinisi mikir kritis ora nglebokaké praktik subjèktif iki.[24][14]

Déning Ennis

[besut | besut sumber]
  1. Miturut Ennis, “Mikir kritis iku prosès pandhisiplinan intelèktual kanggo ngonsèptualisasiaké, nrapaké, nganalisis, nyintèsis, lan/utawa mbiji katrangan kang diklumpukaké saka–utawa diasilaké déning–pangamatan, pangalaman, réflèksi, panalaran, utawa sesambungan, minangka panuntun kanggo kapitayan lan tindak tanduk."[25] Dèfinisi Ennis iki disarujuki banget déning Harvey Siegel,[26] Peter Facione,[21] lan Deanna Kuhn.[27]
  2. Miturut dèfinisi Ennis, mikir kritis mbutuhaké akèh kawigatèn lan fungsi utek. Yèn mikir kritis dianggo ing pawiyatan, bab iki bakal mbiyantu uteké para siswa nduwé fungsi luwih apik lan mangertèni tèks kanthi béda.
  3. Bidang piwulang kang béda bokmenawa mbutuhaké jinis pamikiran kritis kang béda. Mikir kritis mènèhi luwih akèh perspèktif ing materi kang padha.

Déning National Council for Excellence in Critical Thinking

[besut | besut sumber]

Ing taun 1987, ing sajroning prèsentasi ing Annual International Conference on Critical Thinking and Education Reform ka-8, Michael Scriven lan Richard Paul medharaké yèn mikir kritis nglebokaké prosès kang giyat lan kebak kabisan saperlu nggawé konsèp, nrapaké, nganalisis, nyintèsis, lan mawang sawiji prakara kang diolèhaké apadéné diripta saka pangamatan, pangalaman, sesambungan, lan sapanunggalané.[28]

Ana 2 komponèn kang mujudaké kabisan mikir kritis, ya iku:

  1. Kabisan kanggo ngasilaké lan mrosès informasi utawa kapitayan.
  2. Kalumrahan, mawa landhesan komitmen intelèktual.

Déning Edward Glaser

[besut | besut sumber]

Ing seminar pawiyatan lan pamikiran kritis ing taun 1941, Edward Glaser medhar 3 bab kang mujudaké kabisan mikir kritis.[28]

  1. Pangertèn mikir mawa sipat grapyak ing saben prakara kang bakal teka
  2. Kawruh lan péngin weruh
  3. Kabisan liya kanggo nrapaké kabisan mikir

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Revolusi Beripikir (ing basa Indonesia). PT Mizan Publika. ISBN 9789791284011.
  2. Edward M. Glaser. "Defining Critical Thinking". The International Center for the Assessment of Higher Order Thinking (ICAT, AS)/Critical Thinking Community. Dibukak ing 2017-03-22.
  3. Clarke, John (2019). Critical Dialogues: Thinking Together in Turbulent Times. Bristol: Policy Press. kc. 6. ISBN 978-1-4473-5097-2.
  4. "Piaget's Stages of Cognitive Development". www.telacommunications.com. Diarsip saka sing asli ing 9 Mèi 2019. Dibukak ing 2018-04-03.
  5. "It's a Fine Line Between Narcissism and Egocentrism". Psychology Today. Dibukak ing 2018-04-03.
  6. a b Visser, Jan; Visser, Muriel (2019). Seeking Understanding: The Lifelong Pursuit to Build the Scientific Mind. Leiden: BRILL. kc. 233. ISBN 978-90-04-41680-2.
  7. Stanlick, Nancy A.; Strawser, Michael J. (2015). Asking Good Questions: Case Studies in Ethics and Critical Thinking. Indianapolis: Hackett Publishing. kc. 6. ISBN 978-1-58510-755-1.
  8. Chiarini, Andrea; Found, Pauline; Rich, Nicholas (2015). Understanding the Lean Enterprise: Strategies, Methodologies, and Principles for a More Responsive Organization. Cham: Springer. kc. 132. ISBN 978-3-319-19994-8.
  9. "A Brief History of the Idea of Critical Thinking". www.criticalthinking.org. Dibukak ing 2018-03-14.
  10. Walters, Kerry (1994). Re-Thinking Reason. Albany: State University of New York Press. kc. 181–98.
  11. Elkins, James R. "The Critical Thinking Movement: Alternating Currents in One Teacher's Thinking". myweb.wvnet.edu. Diarsip saka sing asli ing 13 Juni 2018. Dibukak ing 23 Maret 2014.
  12. "Critical Thinking Index Page".
  13. "Defining Critical Thinking".
  14. a b c "Critical – Define Critical at Dictionary.com". Dictionary.com. Dibukak ing 2016-02-24.
  15. Facione, Peter A. (2011). "Critical Thinking: What It is and Why It Counts". insightassessment.com. kc. 26. Diarsip saka sing asli ing 29 Juli 2013. Dibukak ing 4 Agustus 2012.
  16. Mulnix, J. W. (2010). "Thinking critically about critical thinking". Educational Philosophy and Theory. 44 (5): 471. doi:10.1111/j.1469-5812.2010.00673.x. S2CID 145168346.
  17. "Critical Thinking: A Question of Aptitude and Attitude?". doi:10.5840/inquiryctnews20102524. S2CID 37573705. {{cite journal}}: Cite journal requires |journal= (pitulung)
  18. Carmichael, Kirby; letter to Olivetti, Laguna Salada Union School District, Mei 1997.
  19. "critical analysis". TheFreeDictionary.com. Dibukak ing 2016-11-30.
  20. "Book Reviews and Notes : Teaching Thinking Skills: Theory and Practice. Joan Baron and Robert Sternberg. 1987. W.H. Freeman, & Co., New York. 275 pages. Index. ISBN 0-7167-1791-3. Paperback". Bulletin of Science, Technology & Society. 8 (1): 101. Fèbruari 1988. doi:10.1177/0270467688008001113. ISSN 0270-4676. S2CID 220913799.
  21. a b Facione, Peter A.; Facione, Noreen C. (March 1993). "Profiling critical thinking dispositions". Assessment Update. 5 (2): 1–4. doi:10.1002/au.3650050202. ISSN 1041-6099.
  22. Halpern, Diane F. (2006), "The Nature and Nurture of Critical Thinking", ing Sternberg, Robert J; Roediger Iii, Henry L; Halpern, Diane F (èd.), Critical Thinking in Psychology, Cambridge University Press, kc. 1–14, doi:10.1017/cbo9780511804632.002, ISBN 9780511804632
  23. Judge, Brenda; McCreery, Elaine; Jones, Patrick (2009). Critical Thinking Skills for Education Students (ing basa Inggris). SAGE. kc. 9. ISBN 978-1-84445-556-0.
  24. Walters, Kerry (1994). Re-Thinking Reason. Albany: State University of New York Press.
  25. Ennis, Robert H. (2015), "Critical Thinking", The Palgrave Handbook of Critical Thinking in Higher Education, Palgrave Macmillan, doi:10.1057/9781137378057.0005, ISBN 9781137378057
  26. Siegel, Harvey (27 September 2013). Educating Reason (édhisi ka-1). doi:10.4324/9781315001722. ISBN 9781315001722.
  27. Kuhn, Deanna (January 2015). "Thinking Together and Alone". Educational Researcher. 44 (1): 46–53. doi:10.3102/0013189x15569530. ISSN 0013-189X. S2CID 145335117.
  28. a b "Defining Critical Thinking". www.criticalthinking.org (ing basa Inggris). Dibukak ing 2018-04-29.

Wacan bacutan

[besut | besut sumber]

Pranala jaba

[besut | besut sumber]