Menyang kontèn

Gladhiator

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pérangan saka Mozaik Zliten saka nagara Libya (Leptis Magna), bab abad angka 2 masehi. Gambar iku nunjukaké (saka kiwa banjur nengen) sawiji thraex padu nglawan sawiji  murmillo, sawiji hoplomachus ngadeg karo murmillo liyané (sing ngaku kalah marang wasité), lan sapasang gladhiator sing kétok padha.

Gladiator (Latin: gladiator, artiné "swordsman", saka tembung gladius, "pedhang") ya iku pejuang nggawa gaman sing dadi tontonan marang para pawiyarsa ing Roman Republic lan Kakaisaran Roma ing adon-adon karo gladhiator-gladhiator liyané, kéwan buas, lan para dursila. sawenèh uwong dadi gladhiator kanthi sukarela sing padha waé karo paitané nyawa lan tataran sosial lan ukum nalika lumebu arena adu iku. Akéh-akéhé, gladhiator iku dianggep batur, disekolahaké kanthi kaanan sing ora kepénak, dianggep uwong pinggiran lan dipisahaké karo kelas sosial liya ambokna sawisé mati.

Tanpa ndhelok mula bukané, para gladhiator nunjukaké conto etika bab bela diri ing nagara Roma nalika iku marang pamiyarsané lan, kanthi cara adu. Para gladhiator bisa digandrungi para pamiyarsané lan bisa kawentar. Kawentaré gladhiator-gladhiator diwujudaké ing karya seni sing kwalitété dhuwur lan uga sing élék. Ajining para gladhiator minangka lakon uga dipènget awujud piranti sing regane larang lan piranti omah-omahan biyasa ing donya Roman.

Mula bukané aduning para gladhiator isih didebataké tekan saiki. Ana cihna-cihnané ing ritual kanggo kesripahan nalika Adilaga Punic ing abad angka 3 sadurungé maséhi, lan sawisé iku, wujud adu iki kanthi rikat dadi became salah sawijining fitur pultik lan kauripan sosial ing donya Roman. Kawentarané njalari panggunané ing wujud dolanan sing luwih larang lan kaluwih-luwih.

Gim Gladhiator ana terus tekan nganti èwonan taun, kaloka sing paling pucuk antaraning abad kapisan sadurungé maséhi lan kapindho sawisé maséhi. Dolanan iku mau akhiré ora kaloka manèh nalika lumebu abat angka 5 maséhi sawisé panganggoning Kristen minangka gréja utamaning Kakaisaran Roma ing taun 380, sanajan paburonan kéwan alasan (venationes) isih diolehaké tekan abad angka 6 maséhi.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Mula buka

[besut | besut sumber]
Réliéf para gladhiator saka Amphitheatre of Mérida, ing Spanyol

Sumber-sumber katulis sing awal arang sing satuju bab mula bukaning gladhiator lan gim gladhiator.[1] Ing akir abad kapisan maséhi, Nicolaus of Damascus percaya manawa gladhiator-gladhiator iku kaum Etruscan.[2] Siji keturunan sabanjuré, Livy nganggit manawa gim gladhiator di anakaké ing taun 310 sadurungé maséhi déning Campanians kanggo ngrayakaké kawijayaning Campanians nglawan Samnites.[3] Suwé sawisé gim-gim iku mau uwis ora dianakaké, ing abad kapitu sawisé maséhi, sawiji panganggit, Isidore of Seville éntuk tembung basa Latin, lanista, (tegesé manajeré para gladhiator) saka tembung saka basa Etruscan sing tegesé "algojo," lan sesirahé Charon (punggawa sing ngancani uwong sing uwis mati saka arena kanggo gladhiator Roma) saka Charun, sawiji psychopomp (pambimbing roh uwong sing uwis mati menyang alam baka ing mitologi Yunani) saka yamani Etruscan.[4] Para sujarawan Roman negesaké manawa gim gladhiator iku diimpor saka nagara liya, most likely Etruscan. Prèferensi iku dadi pratélan sing paling baku ing sujarahing gim-gim Roman games ing era modhèren awal.[5]

Rujukan

[besut | besut sumber]

Sitiran-sitiran

[besut | besut sumber]
  1. Welch 2007, kc. 17; Kyle 1998, kc. 82.
  2. Welch 2007, kc. 16–17.
  3. Futrell 2006, kc. 4–7.
  4. Futrell 2006, kc. 14–15.
  5. Welch 2007, kc. 11.

Sources

[besut | besut sumber]