Menyang kontèn

Cimpa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Cimpa inggih punika satunggaling dhaharan ingkang khas saking Suku Karo.[1] Cimpa punika dados dhaharan ingkang wigati wonten ing salebeting adicara-adicara adhat Karo.[1]

Babagan Cimpa

[besut | besut sumber]

Cimpa inggih punika ingkang dipundamel saking bahan beras ketan abang utawi putih.[2] Wonten ing salebeting ketan abang kasebat ugi dipunlebeti kaliyan gula abang utawi gula arèn ingkang sampun dipuncampur kaliyan klapa parut. Padatanipun cimpa dipunbungkus kanthi ngginakaken godhong gedhang.[2] Cimpa punika dipunolah kanthi dipunkukus.[2]

Cimpa punika salah satunggaling dhaharan ingkang wigati sanget tumrapipun tiyang Karo.[3] Cimpa punika kedah wonten ing saben kedadosan adicara-adicara adhat saking Suku Karo. Cimpa kedah wonten nalika kalampahan adicara pesta mantènan, kerja taun utawi merdang merdem lan lelayon. Menawi wonten ing salah satunggaling adicara adhat kasebat boten ngginakaken cimpa, pramila adicara adhat kasebat dipunwastani kirang lan boten sampurna.

Ing wiwitanipun, cimpa dipunwontenaken namung nalika adicara kerja taun utawi merdang merdem satunggaling désa kemawon. Anggènipun damel cimpa kasebat dipunlampahi nalika dinten kaping enem nalika kerja taun utawi merdang merdem. Cimpa dipuncawisaken ing saben dalemipun tiyang ing padésan ingkang tembé nglampahi kerja taun.[3] Nanging ing samenika, wonten ing adicara-adicara adhat Karo, cimpa punika tansah wonten.

Jinising Cimpa

[besut | besut sumber]

Cimpa punika wonten tigang jinis inggih punika:[4]

  • Cimpa Unung.[4]
  • Cimpa Tuang.[4]
  • Cimpa Matah.[4]

Ingkang mbédakaken antawisipun tigang jinis cimpa kasebat punika wonten ing caranipun damel lan kanggé adicara adat menapa cimpa kasebat dipuncawisaken.[4]

Cimpa Unung

[besut | besut sumber]

Anggènipun damel cimpa unung, glepung beras ketan abang utawi putih dipuncampur kaliyan toya sekedhik.[4] Lajeng, adonan beras ketan mawi toya dipunisi kaliyan sekedhik campuran saking klapa lan gula abang utawi ingkang sinebat kaliyan inti. Saksampunipun adonan kalawau dipunisi kaliyan inti, adonan kasebat dipunwungkus ngginakaken ron gedhang. Salajengipun, adonan dipunkukus kirang langkung 20 dumugi 30 menit.

Jinising cimpa punika ingkang paling limrah wonten ing adicara adat Karo. Wonten ing adicara merdang merdem, cimpa unung punika salah satunggaling dhaharan ingkang kedah wonten. Cimpa unung punika jinising cimpa ingkang radi angel nalika dipundamel.

Cimpa Tuang

[besut | besut sumber]

Anggènipun damel cimpa tuang, sedaya bahan kadosta beras ketan, sagu, tigan, klapa lan gula abang dipuncampur dados setunggal adonan. Saksampunipun punika adonan kasebat dipungoreng ing panci ingkang sampun dipunparingi lemak sapi. Jinising cimpa punika limrahipun dipuncawisaken minangka bekal utawi angsal-angsal. Anggènipun damel langkung gampil lan boten angèl kados déné cimpa unung.[4]

Cimpa Matah

[besut | besut sumber]

Anggènipun cimpa matah langkung gampil.[5] Anggènipun damel cimpa matah, beras ketan, klapa, gula abang dipuntumbuk dados setunggal. Asilipun punika awujud bubuk lan dipunsajekaken wonten ing piring. Padatanipun cimpa ingkang jinis punika kanggé adicara padintenan kemawon.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b Ginting, Malem Ukur (2008). Adat Karo. Medan: Sirulo.
  2. a b c Bangun, Roberto (1989). Mengenal orang Karo. Jakarta: Yayasan Pendidikan Bangun.
  3. a b Ginting, Nalinta (1984). Turi-turin Beru Rengga Kuning: Turi-turin Adat Budaya Karo. Deli Tua: Toko Buku Kobe.
  4. a b c d e f g Tambun, P. (1952). Adat-Istiadat Karo. Jakarta: Balai Pustaka.
  5. Sembiring, Rakutta; Sembiring, Riah B. (1985). Corat-coret Budaya Karo. Kabanjahe: U.P. Ulamin Kisat.

Cithakan:Suku Karo