Aurora
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/aa/Polarlicht_2.jpg/220px-Polarlicht_2.jpg)
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/1/1d/Red_and_green_aurora.jpg/220px-Red_and_green_aurora.jpg)
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/cf/Northern_Lights_02.jpg/220px-Northern_Lights_02.jpg)
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/0/07/Aurore_australe_-_Aurora_australis.jpg/220px-Aurore_australe_-_Aurora_australis.jpg)
Pangartianne
[besut | besut sumber]Northern Lights utawa Aurora ya iku kedadeyan metuné cahya sing mbulat-mbulat ning Lapisan Ionosfer saka planit amarga enenge interaksi antarané medan magnetik sing diduweni planit mau karo partikel sing duwé partikel momotan sing dipancarke srengéngé (maruta srengéngé).[1] Ning donya, aurora iki eneng ning sisih Kutub Lor lan Kutub Kidul magnetiké.[1] Aurora sing kedaden ning sisih Lor mau nganggo jeneng Aurora Borealis (IPA /ɔˈɹɔɹə bɔɹiˈælɪs/), sing dijenengi Dewi Fajar Rom, Aurora, lan jeneng Yunani kanggo angin lor, Boreas.[1] Iki amarga ning Éropah, Aurora kerep keton kaya abrit-abrit ning Ufuk Lor sing kaya ketok srengéngé njedhol saka sisih iku.[1] Aurora Borealis mesthi eneng ing sasi September lan Oktober, Maret lan April.[1] Kadaden Aurora iki ning sisih kidul dijenengi Aurora Australis sing duwé sipat padha.[1] Jarene, sing paneliti ionosfer, fenomena alam ing atmosfer nduwur sing kapisanan ya iku aurora.[2] Dhapuré aurora ana kaya lengkung utawa mbelengkuk, garis, kaya lembara, lsp sing ketok ning wayanh bengi ning langit.[2] Miturut legenda-legenda Yunani lan Cina, aurora iku dianggep penampakan déwa/penguasa alam semesta.[2] Kedadeyan Northern Light ing wektu subuh ning kutub lor, sing ngetokke cahya saka awang-awang racaké uga bisa diarani polar auroras, amarga racaké ketok antrané 65-72 drajat lintang lor lan kidul.[2] Kedadeyan Northern Light arang-arang lan ora kethok karo mripat biyasa.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |