Apel
Apel | |
---|---|
Woh apel (Malus domestica) | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Rosales |
Famili: | Rosaceae |
Subfamili: | Maloideae |
Génus: | Malus |
Spésies: | M. domestica |
Jeneng binomial | |
Malus domestica Borkh. |
Apel iku wohe bunder-bunder, kélir kulité ana sing ijo enom, abang (enom karo tuwa), ana uga sing campuran.[1] Rasané legi ning ana uga sing radha kecut.[1] Yèn wis dioceki dagingé arubah wujud keliré dadi radha soklat, nanging tetep bisa dipangan.[1] Apel bisa di temoni ing ngendi waé ing Pulo Jawa.[1] Woh iki bisa minangka gawé wédangan.[1] Apel kalebu tuwuhan taunan.[1] Apel asalé saka Asia Kulon.[1] Apel akèh urip ing laladan kanthi iklim sub tropis.[1] Ing Indonésia apel wis ditandur wiwit taun 1934 nganti saiki.[1] Saiki ''variétas'' apel saya dibudidayaké.[1]
Klasifikasi
[besut | besut sumber]- Divisio: Spermatophyta
- Subdivisio: Angiospermae
- Klas: Dicotyledonae
- Ordo: Rosales
- Famili: Rosaceae
- Genus: Malus
- Spesies: Malus sylvestris Mill
Ana warna-warna variétas saka Malus sylvestris Mill iki.[2] Saben variétas duwé ciri utawa titikan dhéwé-dhéwé.[2] Tuladhané yaiku Rome Beauty, Manalagi, Anna, ''Princess Noble'' lan Wangli/Lali jiwo.[2] Variétas iku kalebu variétas unggulan.[2]
Apel sing kaloka ing Indonésia iku apel saking Malang, jenengé apel manalagi.[1]
Kena ing guna
[besut | besut sumber]Apel ngandhut vitamin C lan B.[3] Saliyané iku apel kerep dadi buah kanggo diét dadi buah substitusi sega.[3] Apel bisa dimasak dadi puding.[3] Saliyané iku apel uga bisa dirujak, digawé ''pay'', digawé jus lan dipangan kanggo buah.[3]
- Apel bisa kanggo nambah kekiyatan balung
- Apel bisa kanggo nyegah sakit asma
- Apel bisa kanggo nurunake kolesterol
- Apel bisa kanggo ngontrol diabetes
- Apel bisa kanggo nyegah sakit kanker
- APel saged nurunake bobot awak
Habitat
[besut | besut sumber]Ing Indonésia apel bisa urip subur ing dhataran tinggi.[4] Séntra produksi apel yaiku ing Malang (Batu lan Poncokusumo) lan Pasuruan (Nongkojajar), Jawa Timur.[4] Laladan liyané kang akèh ditanduri apel yaiku Kayumas-Situbondo, Banyuwangi, Jawa Tengah (Tawangmangu), Bali (Buleleng dan Tabanan), Nusa Tenggara Barat, Nusa Tenggara Timur lan Sulawesi Selatan.[4] Sentra penanaman apel ing donya yaiku ing Éropah, Amérika, dan Australia.[4]
Tuwuhan apel mbutuhaké sinar srengéngé kang cukup kanggo urip subur yaiku anatarané 50-60% saben dinané, luwih-luwih yèn wayah ngembang.[5] ''Suhu'' kang pas kanggo uripé apel yaiku 16-27 drajat C.[5] Déné kalembaban udara kang dibutuhaké apel kanggo urip subur yaiku75-85%.[5]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g h i j k Situs Ristek Archived 2011-06-27 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 27 April 2011)
- ↑ a b c d Trubus Online Archived 2011-06-24 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 27 April 2011)
- ↑ a b c d Vivanews(dipunundhuh tanggal 27 April 2011)
- ↑ a b c d Kompas(dipunundhuh tanggal 27 April 2011)
- ↑ a b c Suara Merdeka(dipunundhuh tanggal 27 April 2011)
Gladri
[besut | besut sumber]-
apel merah
-
apel ijo
-
apel kuning
-
apel
-
apel énak
-
apel granny
-
apel intosh
-
apel malus
-
woh apel
-
apel Lobo cultivar
-
apel Sampion cultivar
-
Apel abang lan ijo
-
apel kang wernane ijo transparan
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Pirsanana daftar luwih saka 700 varietas apel-ing AllAboutApples.com
- Scintro fruit book-Kabèh bab woh-wohan
Deleng Uga Woh-wohan | |||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Anggur |
Apel |
Apokat |
Asem |
Bléwah |
Blimbing |
Blimbing wuluh | |||
Cempedak |
Durèn |
Dhondhong |
Dhuku |
Dhuwet |
Gedhang |
Jambu | |||
Jeruk |
Katès |
Kesemek |
Klapa |
Klèngkèng |
Manggis |
Nangka | |||
Nanas |
Pelem |
Rambutan |
Salak |
Sawo |
Semangka |
Srikaya |