Cithakan:Infobox Israèl municipality Haifa (Ibrani:חֵיפָה; Arab: حَيْفَا‎) iku kutha palabuhan ing Israèl sisih lor. Kutha iki kang gedhé dhéwé ing Israèl sisih lor lan kutha gedhé dhéwé kaping telu ing nagara iku. Padunung kutha iki kurang luwih ana 265.000 jiwa. Kutha iki populasiné campuran, kang manggon ya iku wong Yahudi lan wong Arab. Wong Yahudiné akèh kang ijrah saka manten Uni Sovyèt. Ing kutha iki uga ana Punjer Donya Bahá'i, sawijining Situs Warisan Donya UNESCO.

Kutha iki diyasa ing iringing Gunung Karmel, sajarah padunungan ing tlatah iki wis punjul 3,000 taun. Papan padunungan tuwa dhéwé kang diweruhi ing saubengé tlatah iki ya iku Tell Abu Hawam, sawijining palabuhan cilik kang diyasa ing abad prunggu (abad kaping 14 SM).[1] Ing abad kaping 3 M, Haifa diweruhi minangka punjer gawé bahan celup (dye). Sajeroning maabad-abad, kutha iki bola-bali ganti tangan: dikuwasani déning Phoenicians, Yahudi, Hasmonean, Romawi kuna, Byzantin, Arab, Crusaders, Ottoman, Inggris, lan bangsa Israèl. Wiwit pangadegé nagara Israèl ing taun 1948, kutha iki diatur déning Munisipal Haifa.

Saiki, kutha kang jembaré 63,7 km2 iki dadi palabuhan utama kang dumunung ing pasisir Mediteran ing Lempongan Haifa. Kutha iki dumunung watara 90 km saloré kutha Tel Aviv lan dadi punjer régional saka Dhistrik Lor Israèl. Rong sekolah dhuwur ya iku Universitas Haifa lan Technion, dumunung ing Haifa, lan kutha iki nduwé peran wigati sajeroning ékonomi Israèl. Haifa duwé sawatara taman tènologi dhuwur, antarané kang tuwa dhéwé lan gedhé dhéwé ing Israèl,[2] palabuhan indhustri, lan panyulingan lenga patra. Haifa tau dadi terminal pipa saluran lenga saka Irak liwat Jordania.[3]

Ètimologi

besut
 
Haifa Kulon dideleng saka ndhuwur

Padunungan tuwa dhéwé ing Haifa ya iku Sycaminum.[4] Basa Arab Tell el-Semak (utawa Tell es-Samak, tegesé "tumpukan iwak") dilestarèkaké lan owah jeneng kuna iki, kang dipigunakaké déning kang ndunungi lokal kanggo nyebut tkatah pasisir ing pèrènging Gunung Karmèl.[5] Ing Basa Ibrani, diweruhi kanthi jeneng Tel Shiqmona utawa Shikmonah.[5] Shiqmona disebutaké sapisan sajeroning Mishnah (composed c. 200 CE) tegesé jeneng woh-wohan alasan kang tuwuh ing saubengé tlatah mau.[5] Jeneng Efa pisanan muncul sajeroning kakuwasan bangsa Romawi, ora suwé sawisé pungkasan abad kaping 1, nalika bètèng Romawi lan padunungan Yahudi diyasa sacedhaké Tell es-Samak.[4][5] Haifa disebutaké punjul kaping 100 ing Talmud, sawijining buku punjer tumrap Judaisme.[5] Hefa utawa Hepha ing karya sastra abad kaping 4 saka Eusebius of Caesarea, Onomasticon (Onom. 108, 31), disebutaké minangka jeneng liya saka Sycaminus.[6] Sinonim jeneng iku dipratélakaké déning Moshe Sharon kang nulis yèn padunungan kuna kembar, kang diarani Haifa-Sycaminon, kanthi sethithik baka sethithik nyawiji, dadi kutha kembar kang sajeroning basa Yunani diarani Sycaminon utawa Sycaminos Polis.[5]

Dhémografi

besut

Haifa iku kutha ing Israèl gedhé dhéwé katelu, kanthi populasi 103.000 kepala kulawarga,[7] utawa gunggung 266.300 jiwa. Imigran saka tilas Uni Sovyèt minangka 25% saka kang ndunungi Haifa.[8] Miturut data biro statistik Israèl, kang ndunungi Arab ing Israèl watara 10% saka total kang ndunungi Haifa, akèh-akèhé manggon ing in padunungan Wadi Nisnas, Abbas lan Halissa neighborhoods.[8]

Walikutha ing Haifa

besut
  • Najib Effendi al-Yasin (1873–77)
  • Ahmad Effendi Jalabi (1878–81)
  • Mustafa Bey al-Salih (1881–84)
  • Mustafa Pasha al-Khalil (1885–1903)
  • Jamil Sadiq (1904–10)
  • Rif'at al-Salah (1910–11)
  • Ibrahim al-Khalil (1911–13)
  • Abd al-Rahman al-Haj (1920–27)
  • Hasan Bey Shukri (1914–20, 1927–40)
  • Shabtai Levy (1940–51)
  • Abba Hushi (1951–1969)
  • Moshe Flimann (1969–1973)
  • Yosef Almogi (1974–1975)
  • Yeruham Zeisel (1975–1978)
  • Arie Gur'el (1978–1993)
  • Amram Mitzna (1993–2003)
  • Giora Fisher (walikutha ad interim, 2003)
  • Yona Yahav (2003–2018)
  • Einat Kalisch-Rotem (2018–saiki)

Kutha kembar

besut

Rujukan

besut
  1. Encyclopedia Judaica, Haifa, Keter Publishing, Jerusalem, 1972, vol. 7, pp. 1134-1139
  2. "GavYam". Gav-Yam.co.il. Dibukak ing 2008-02-18.
  3. Cohen, Amiram. "U.S. Checking Possibility of Pumping Oil from Northern Iraq to Haifa, via Jordan". Haaretz. Dibukak ing 2008-12-06.
  4. a b Michael Dumper, Bruce E. Stanley (2007). Cities of the Middle East and North Africa: a historical encyclopedia (édhisi ka-Illustrated). ABC-CLIO. ISBN 1576079198, 9781576079195. Dibukak ing 2011-07-02. {{cite book}}: Check |isbn= value: invalid character (pitulung)
  5. a b c d e f Moshe Sharon, Fondation Max van Berchem (2007). Corpus Inscriptionum Arabicarum Palaestinae addendum: squeezes in the Max van Berchem collection (Palestine, Trans-Jordan, Northern Syria) (édhisi ka-Illustrated). BRILL. kc. 99–103. ISBN 9004157808, 9789004157804. Dibukak ing 2011-07-02. {{cite book}}: Check |isbn= value: invalid character (pitulung)CS1 maint: uses authors parameter (link)
  6. Avraham Negev, Shimon Gibson (2005). Archaeological encyclopedia of the Holy Land (édhisi ka-4th, revised, illustrated). Continuum International Publishing Group. kc. 213–214. {{cite book}}: Text "ISBN 0826485715, 9780826485717" ignored (pitulung)
  7. "Haifa". Jewish Agency. Diarsip saka sing asli ing 2007-09-26. Dibukak ing 2007-05-05.
  8. a b "The Arab Population of Israèl 2003" (PDF). Israèl Central Bureau of Statistics. Dibukak ing 2008-01-03.
  9. "Boston" . Haifa Municipality. Diarsip saka sing asli ing 2015-10-16. Dibukak ing 2009-04-05.
  10. "Twin Towns". www.amazingdusseldorf.com. Diarsip saka sing asli ing 2014-10-17. Dibukak ing 2009-10-29.
  11. "Sister Cities of Manila". © 2008-2009 City Government of Manila. Dibukak ing 2009-07-02. {{cite web}}: External link in |publisher= (pitulung)
  12. Portsmouth City Council. Twinning Archived 2009-01-07 at the Wayback Machine.. Diaksès 22 Agustus 2007.