Bivalvia (kerang-kerangan)
Kalamangsa: Cambrian-Recent
"Acephala" dalam karya Ernst Haeckel, Kunstformen der Natur, 1904
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Mollusca
Klas: Bivalvia
Linnaeus, 1758
Subklas

lihat teks

Bivalvia yaiku kelas jinis moluska kang kagolong kerang-kerangan: duwé sapasang thothok (jeneng "bivalvia" artiné thothok loro). jeneng liyané yaiku Lamellibranchia, Pelecypoda, utawa bivalva. Ning kelompok iki kaya ta kerang, kupang, remis, kijing, lokan, simping, tiram, sarta kima; meski macemé akèh banget.

Kerang-kerangan akèh manfaaté ing kauripané manungsa awit jaman purba. Dagingé dipangan, dadi sumber protéin. Thothoké dimanfaataké dadi pacetan, kerajinan tangan, bekal kubur, kanggo gantiné dhuwit nalika jaman biyèn. Mutiara dikasilaké déning tiram. Pemanfaatan modhèren uga ndadikaké kerang-kerangan dadi biofilter déning polutan.

Sistematika

besut

Klasifikasi Newel (1965) kang didasaraké ngèlmu morfologi. Ana kelompok parafiletik, kaya ta Anomalodesmata. Ana uga sistematika alternatif didasaraké morfologi angsang saka Franc (1960) lan disebutaké ing rengrengan ngisor iki. Franc nggolongaké Septibranchia saklompok dhéwé, meski kanthi molekular malah nggawe Eulamellibranchia dadi parafiletik.

Subkelas Palaeotaxodonta (Protobranchia miturut Franc)

Subkelas Cryptodonta (Protobranchia miturut Franc)

Subkelas Pteriomorphia (tiram, kupang, dll., Filibranchia miturut Franc)

Subkelas Paleoheterodonta (Eulamellibranchia miturut Franc)

Subkelas Heterodonta (tuladhané remis, lokan, lan kerang-kerang kang biyasa dikenal, Eulamellibranchia miturut Franc)

Subkelas Anomalodesmata (Eulamellibranchia miturut Franc)

Strukturé Awak

besut

thothoké loro nyambung amarga ana ligamen kang kuwat lan mulur, ligamen iku lumrahé mbukak terus nanging, manawa ana gangguan, ligamen mau bakal nutup. Ligamen mau bisa nutup amarga ana otot kang bantu owah, yaiku ning anterior lan posterior. Bakal ana garis konsentris kang sajajar, garis iki karan uga garis pertumbuhan kang nunjukaké kepriye pertumbuhané suwi utawa ora ana pertumbuhan. Garis iki berselangseling karo pita pertumbuhan kang nunjukaké pertumbuhan kang cepat. Tambah akèh pita pertumbuhan, umuré kéwan tambah tuwa. Cangkang kang tuwa dhéwé lumrahé paling kandhel, ana ing persendiaan jenengé umbo. ning pérangan posterior thothok ana rong macem celah kang karan sifon. Celah kang ana ing cedhaké anus dijenengi sifon, fungsiné kanggo ngetokaké lan nglebokaké banyu lan zat-zat sisa. Sawaliké sifon kang ana ing ngisoré sifon fungsiné kanggo nglebokaké oksigèn, banyu, lan panganan.[1]

Cangkang Pelecypoda

besut

Cangkang Pelecypoda bagiané iku.[1]

  1. Periostrakum, Periostrakum lapisan paling njaba, diwangun saka zat kitin kang karan konkiolin fungsiné dadi pelindung. Manawa teles warnané biru tuwa, nanging manawa gaing warnané soklat.
  2. Prisma, Prisma lapisan tengah kang kasusun saka kristal kalsit.
  3. Nakre, Nakre karan uga lapisan induk mutiara kang kasusun saka lapisanlapisan tipis paralel lan kalsit (karbonat) kang katon mengkilat.
  4. Mantel, Mantel ana ing ngisoré nakreas kang kaya ta sèl-sèl nakreas (kang

sekreté mbentuk lapisan nakreas lan mbentuk mutiara) jaringan ikat, lan sèl-sèl epitelium kang bersilia.

Sistem Organ

besut

Dimulai saka cangkem, kerongkongan, lambung, usus, lan anus. Cangkem lan anusé ana ing gronggongan mantel. Sistem ekskresiné ngunakaké sapasang nefridium kang fungsiné kaya ginjel. Sistem sarafé yaiku utek, simpul saraf kaki, lan simpul saraf otot. Sistem peredaran getihé kabuka, jantungé ana bilik lan ana rong serambi. Respirasiné migunakaké angsang.[1]

Daur Hidup

besut

Kéwan iki ana kang sipaté hermaprodit lan lumrahé kéwan iki duwé piranti kelamin kang kapisah. Nalika kawin ,piranti kelamin lanang bakal ngetokaké sperma ning banyu lan bakalé lumebu ing awaké kéwan wadon. Ovum kang nempel ning ruwang mantel, nuli netes lan metu larva kang karan glokidium. Larva iki bakalé metu saka awaké kéwan wadon liwat sifon metuné banyu, nuli larva mau bakal nempel ning angsang itawa sirip iwak lan larva mau bakal dibungkus karo lendir saka kulit iwak. Larva ini sifaté parasit nganti 3 minggu suwené. Sawisé gedhé, larva bakal ucul saka angsang utawa sirip iwak lan bakal urip bébas.[1]

Rujukan

besut
  1. a b c d Buku sekolah elektronik Idun Kistinnah, Endang Sri Lestari (2009). Biologi 1: Makluk Hidup dan Lingkungannya Untuk SMA/MA Kelas X. Jakarta: Pusat Perbukuan Departemen Pendidikan Nasional. ISBN 978-979-068-129-3 (no. jilid lengkap) / ISBN 978-979-068-131-6. {{cite book}}: Check |authorlink= value (pitulung); External link in |authorlink= (pitulung)
  • Franc, A. (1960): Classe de Bivalves. In: Grassé, Pierre-Paul: Traite de Zoologie 5/II.
  • Newell, N.D. (1969): [Bivalvia systematics]. In: Moore, R.C.: Treatise on Invertebrate Paleontology Part N.
  • Jay A. Schneider (November 2001). "Bivalve Systematics During the 20th Century". Journal of Paleontology. 75 (6): 1119–1127. doi:10.1666/0022-3360(2001)075<1119:BSDTC>2.0.CO;2.

Pranala njaba

besut