TP 2.
1
TEMBUNG NGOKO, KRAMA LUGU, KRAMA ALUS
Bhs. Indonesia Ngoko Krama Lugu Krama Alus
saya aku kula kawula
kamu kowe sampeyan panjenengan
nama jeneng nami asma
pergi lunga kesah tindak
ke menyang dhateng dhateng
datang teka dugi rawuh
pulang mulih wangsul kondur
menaiki numpak numpak nitih
memakai nganggo ndamel ngagem
membawa nggawa mbekta ngasta
nasi sega sekul sekul
makan mangan nedha dahar
minum ombe nginum ngunjuk
belum durung dereng dereng
sudah wis sampun sampun
habis entek telas telas
untuk kanggo kangge kagem
baru saja lagi saweg nembe
di mana ngendi pundi pundi
hendak arep badhe badhe
ikut melu tumut dherek
karena amarga amargi amargi
rumah omah griya Dalem
tidak ora mboten mboten
suka doyan purun Kersa
tidur turu tilem Sare
mandi adus adus siram
sakit lara sakit gerah
beli tuku tumbas mundhut
baca maca maos maos
minta njaluk nedhi nyuwun
ambil njupuk mendhet mundhut
Tuladha:
- Bahasa Indonesia
Kamu hendak pergi ke mana?
- Ngoko lugu
Kowe arep lunga menyang ngendi?
- Ngoko alus
Panjenengan arep tindak menyang ngendi?
- Krama lugu
Sampean badhe kesah dhateng pundi?
- Krama Alus
Panjenengan badhe tindak dhateng pundi?
TUGAS 2.1
Ukara ing ngisor iki owahana dadi Krama Alus!
1. Simbah tangane lara.
Krama alus : …………………………………………………………………………………
2. Ibu lunga menyang Solo numpak sepur
Krama alus : …………………………………………………………………………………
3. Bapak maca layang kabar, aku maca majalah bobo
Krama alus : …………………………………………………………………………………
4. Pak, sampeyan wis mangan apa urung?
Krama alus : …………………………………………………………………………………
5. Pakdhe nggawa nggawa buku.
Krama alus : …………………………………………………………………………………