Aksara Pégon
Aksara Arab | |||||||
ﺍ | ﺏ | ﺕ | ﺙ | ﺝ | ﺡ | ﺥ | |
ﺩ | ﺫ | ﺭ | ﺯ | ﺱ | ﺵ | ﺹ | |
ﺽ | ﻁ | ﻅ | ﻉ | ﻍ | ﻑ | ﻕ | |
ﻙ | ﻝ | ﻡ | ﻥ | هـ | ﻭ | ﻱ | |
Pégon | |||||||
ڎ | ڟ | ڮ | چ | ڠ | ۋ | ۑ | |
Sajarah · Transliterasi Sandhangan · hamzah ء Angka |
Aksara Pégon iku aksara Arab utawa luwih pas yèn diarani: Aksara Jawi kang diowah-owah lan diréka-réka kanggo nulisaké basa Jawa. Tembung Pegon jaré asalé saka basa Jawa pégo kang tegesé "ora lumrah". Amerga basa Jawa kang ditulis nganggo huruf Arab dianggep ora lumrah.
Béda karo huruf Jawi, kang ditulis gundhul, huruf pégon mèh mesthi diwènèhi sandhangan swara. Yèn ora, ora diarani pégon manèh, nanging ya gundhul utawa Arab. Vokalitas ing Basa Jawa luwih akèh tinimbang basa Melayu, dadi sandhangan swara perlu tansah ditulis.
Nalikane ngulamak arab lumebu maring jawa, tulisan pegon digawé maknani al-quran lan hadis, Bab iki dilakoni saperlu nggampangake wong jowo mahami makna al-quran lan hadis. Semono uga mungguhe ngulamak arab kang lumebu ing Tanah Jawa, luweh nggampangke nulis aksara pegon tanpa belajar aksara jawa. Sak liyane ndek Tanah Jawa pegon uga kanggo ndek melayu, ndek kana pegon diarani aksara jawi. Kerana aksara jawi kui ditularake ngalim ngulamak jawa kang plesiran ndek melayu perlu nyebarke ajaran agama islam.
Ing ngisor iki pratélan huruf-huruf pegon dituduhaké. Huruf-huruf kang ora ana ing huruf Arab kang asli, diwèhi warna kuning.
Aksara Pégon ing Tanah Jawa mligi digunakaké déning kalangan umat Muslim kang tangat, mligi déning para santri ing pasantren-pasantren. Lumrahé iki mung minangka nulis komentar ing Al-Qur'an, ing uga akèh naskah-naskah manuskrip carita (kandha) kang kabèh ditulis nganggo pégon. Upamane naskah-naskah Serat Yusup.
Wawacan sabanjuré
[besut | besut sumber]- Th. Pigeaud, Literature of Java, volume III, 1970, 76 - 80
- B. Arps, Tembang in Two Traditions, 1992
- Titik Pudjiastuti, Sadjarah Banten, 2000, 94 - 111