Kembang srengéngé
Kembang srengéngé | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Unranked: | Angiospermae |
Unranked: | Eudicots |
Unranked: | Asterids |
Ordho: | Asterales |
Famili: | Asteraceae |
Subfamili: | Helianthoideae |
Tribe: | Heliantheae |
Génus: | Helianthus |
Spésies: | H. annuus |
Jeneng binomial | |
Helianthus annuus L. |
Kembang Kanigara (Helianthus annuus L.) iku tuwuhan sausum saka suku kepunikar-kepunikaran (Asteraceae) kang populèr, minangka pethètan uga tuwuhan pangasil lenga. Kembangé kas banget: gedhé, lumrahé awarna kuning padhang, kanthi sirah kembang kang gedhé (dhiameter bisa tekan 30 cm). Kembang iki sakbeneré kembang majemuk, kasusun saka atusan nganti éwonan kembang cilik ing sabongkol. Kembang srengéngé uga duwé prilaku kas, ya iku kembangé tansah madhep arah srengéngé utawa heliotropisme. Jeneng kembang iki ing Indonésia béda-béda saka laladan siji lan sijiné. Lumrahé sajeroning Basa Indonésia diarani Bunga Matahahari, déné ing laladan Acèh jenengé Bungong mata hurai, ing basa Minangkabau: Bunga panca matohari, sajeroning Basa Melayu: Bunga Matahari, ing Basa Sundha: Kembang sarengenge, ing Basa Madura: Kembang mata are, lan ing Rote ingaran: Bunga ledomata. Wong Prancis nyebut tournesol utawa "panglana srengéngé". Sanajan mangkono, sipat iki disingkiraké ing manéka kultivar anyar kanggo prodhuksi lenga amarga ngentèkaké akèh ènergi lan ngurangi asil.
Pambabaran
[besut | besut sumber]Tuwuhan terna sausum kang asalé saka Amérika Tropik pérangan lor (Meksiko), dhuwur 3m tekan 5m gumantung varietasé. Godhong tunggal amba. Wité lumrahé dituwuhi rambut kasar, jejeg, arang duwé pang.
Kembang kasusun majemuk. Ana rong jinis kembang: kembang pinggir utawa kembang ilat kang nggawa siji kelopak gedhé awerna kuning ngejrèng lan steril, lan kembang tabung kang fertil lan ngasilaké wiji. Kembang tabung iki gunggungé bisa nganti 2000 kuntum sajeroning satundhun kembang. Panyerbukan kabuka (silang) lan dibantu déning gegremet. Ing dina kang cerah, tundhun kembang majemuk nurut obah dinan srengéngé (asal jeneng tuwuhan iki), kang gejalané diarani heliotropisme. Tuwuhan éntuk kauntungan 10% luwih fotosintesis marga obahé iki.
Wijiné duwé jinis "achane". Ing jinis iki, woh lan wiji ora bisa kanthi gampang dibédakaké.
Genom kembang kanigara
[besut | besut sumber]Genom kembang srengéngé (Helianthus annuus) iku diploid mawa gunggung kromosom dhasar 17 lan ukuran genom diprakirakaké 2871–3189 Mbp.[1] Sapérangan sumber ngeklaim ukuran kang bener watara 3.5 milyar pasang (luwih akèh sithik tinimbang genom manungsa).[2]
Modhèl matématika pranata kembang cilik
[besut | besut sumber]Sawijining modhèl pola kuntum ing ndhas kembang srengéngé diusulké déning H. Vogel nalika taun 1979.[3] Iki ditelakaké sajeroning koordinat polar
ing endi θ iku sudhut, r iku jari-jari utawa let saka punjer, lan n iku nomer indeks saka kembang cilik lan c iku faktor skala konstan. Iki wujud wangun spiral Fermat. Sudhut 137.5° iku kakait karo rasio emas lan mènèhi tatanan cerak kuntum. Modhèl iki wis dipigunakaké kanggo mrodhuksi representasi grafis komputer kembang srengéngé.[4]
Golongan budidaya
[besut | besut sumber]Ana patang golongan budidaya kanggo kembang kanigara kang dibédakaké dhedhasar pingunané. Kultivar kang dirakit lumrahé diarahké ing salah siji kagunan tinentu waé.
- Golongan pangasil lenga, dimupangataké lenga wijiné. Wiji golongan iki duwé cangkok wiji kang tipis. Kandhutan lengané watara 48% tekan 52%. Kanggo ngasilaké sakliter lenga diperlokaké wiji saka kira-kira 60 tundhun kembang majemuk.
- Golongan pakan kéwan ingon, dipanèn godhongé minangka pakan utawa rabuk ijo.
- Golongan tuwuhan hias, kang duwé warna kelopak manéka lan duwé akèh pang ngembang.
- Golongan kwaci, kanggo dipanèn wijiné minangka bahan pangan.
Budidaya
[besut | besut sumber]Sajarah
[besut | besut sumber]Tuwuhan iki wis dibudidayakaké déning wong-wong Indian Amérika Lor wiwit èwonan taun kapungkur. Nuli nyebar menyang Amérika Kidul lan dadi salah siji sumber pangan kanggo warga Inka. Sawisé panaklukan déning wong Éropah, kembang srengéngé ditepungaké menyang Éropah lan manéka penjuru donya liyané nalika abad kaping 16. Wiwit abad kaping 17 wijiné dipigunakaké sajeroning campuran roti utawa diolah minangka pangganti kopi sarta coklat. Panggunaané minangka sumber lenga wiwit dirintis ing abad kaping 19.
Budidaya
[besut | besut sumber]Kembang srengéngé seneng lemah kang subur lan anget. Tuwuhan iki seneng swasana kang cerah. Ngèlingi asalé, tuwuhan iki cocog tuwuh ing papan mawa iklim subtropik. Ing laladan tropika asilé dhuwur yèn ditandur ing dhataran dhuwur. Ing laladan mawa iklim sedheng kaya déné Éropah, tuwuhan iki mung bisa ditandur nalika usum semi tekan usum palastra lan kudu dilirwakaké kena frost.
Karapetan tandur lumrahé 60000 tekan 70000 tuwuhan saben ha.
Lenga kembang srengéngé
[besut | besut sumber]Kayadéné wis disinggung ing pérangan golongan budidaya, pamupangatan kembang kanigara mligi ya iku minangka sumber lenga, kanggo pangan uga indhustri. Minangka bahan pangan, lenga kembang srengéngé cocog dipigunakaké kanggo nggorèng, ngenthelaké, sarta campuran salad. Lenga kembang srengéngé sugih asem linoleat (C18:2), sawijining asem lemak ora jenuh kang becik kanggo kaséhatan manungsa. Kawigatèn tèhnik péngin lenga kanthi kadhar asem oleat kang luwih dhuwur lan ana uga kultivar kembang srengéngé kang ngasilaké lenga kanthi kualitas mangkono (ngandhut 80% tekan 90% asem oleat, sauntara kultivar kanggo pangan mung duwé 25% asem oleat).
Simbul budaya
[besut | besut sumber]Kembang srengéngé wujud kembang nasional RRC lan Ukarina. Kembang iki uga kembang resmi praja Kansas, Amérikah Sarékat lan salah siji kembang kutha Kitakyushu, Jepang.
Kembang srengéngé asring minangka simbul idéologi ijo, kaya déné mawar abang minangka simbul sosialisme utawa dhémokrasi sosial. Kembang srengéngé iki uga wujud simbul Vegan Society. Sakwéné abad 19, kembang minangka simbul Gerakan Aesthetic.
Subjèk lukisan Van Gogh still life kang paling misuwur iku Kembang Srengéngé (seri lukisan).
Varietas
[besut | besut sumber]Manéka varietas kembang srengéngé (urut abjad):
|
|
|
Kasiat
[besut | besut sumber]Kembang iki duwé kasiat kanggo nambani wong kang nandang lara mriang (demam) lan busung lapar[5].
Rujukan
[besut | besut sumber]- Brosur Sonnenblume: 3 Minute Info saka i.m.a e.V. Jerman.
- ↑ "Helianthus annuus (common sunflower) Genome Project". NCBI.
- ↑ "Sunflower Genome Holds the Promise of Sustainable Agriculture". ScienceDaily. 2010-01-14.
- ↑ Vogel, H (1979). "A better way to construct the sunflower head". Mathematical Biosciences. 44 (44): 179–189. doi:10.1016/0025-5564(79)90080-4.
- ↑ Prusinkiewicz, Przemyslaw; Lindenmayer, Aristid (1990). The Algorithmic Beauty of Plants. Springer-Verlag. kc. 101–107. ISBN 978-0387972978.
- ↑ "Situs Ristek". Diarsip saka sing asli ing 2010-09-08. Dibukak ing 2010-08-08.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Kembang srengéngé. |
- Kembang srengéngé ing www.iptek.net.id Archived 2011-08-26 at the Wayback Machine.
- National Sunflower Association
- USDA-ERS Briefing Room - Sunflowerseed Archived 2010-06-17 at the Wayback Machine. Ringkesan prodhuksi kembang srengéngé, perdagangan, lan konsumsi sarta link marang lapuran USDA.
- Budidaya kembang srengéngé
- Foto asil International Sunflower Guerrilla Gardéning Day