Menyang kontèn

Alkimiya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Alkimia)
Kimiya-yi sa'ādat (Alkimiya Kabagyan) – tulisan ngenani filsafat Islam lan alkimiya spiritual déning Al-Ghazali (1058-1111).

Alkimiya (cara Inggris: alchemy) iku tradhisi purwakawruh lan filosofis kang diayahi ing saindenging Éropah, Mesir, lan Asiah. Tradhisi iki ancasé ngeningaké, matengaké, lan nyampurnakaké sawenèh barang.[1][2][c 1] Ancasé kang lumrah ya iku (1) krisopéa, ya iku transmutasi "métal dhasar'' (contoné: tembaga) dadi "métal mulya" (mligi emas); (2) kanggo gawé usada amerta; (3) nyipta panakéa kang bisa nambani samubarang lelara; lan (4) pangembanging alkahèsi utawa palarut universal.[3] Sampurnané angga lan sukmané manungsa dianggep bisa dumadi krana magnum opus alkimiya lan, ing tradhisi Kulonan lan Yunani, awit antuking genosis.[2] Ing Éropah, ciptaning watu kramat asring digayutaké karo pangudi-pangudi iki.  

Ing basa Inggris, istilah alchemy asring mung winates nglimputi tradhisi alkimiya ing Éropah, masiya tradhisi kang padha uga ana ing Wétan Adoh, Indhia, lan jagat Muslim. Ing Éropah sawisé Rénaisans abad ping 12, nalika karya-karya abasa Arab ing babagan sains lan Temu Balining Aristotèles akèh dipertal, juru alkimiya mono wigati ing babagan sains modhèren wiwitan[4] (mligi ing babagan kimiya lan usada). Juru alkimiya Islam lan Éropah ngembangaké strukturing tèknik-tèknik, ancangan, terminologi, mètodhe èkspèrimèn laboratorium dhasar kang sawenèhé isih kanggo ing jaman saiki. Nanging, para juru alkimiya iki isih percaya bab patang unsur satemah njaga garapané sarana sandi lan simbolisme sinandi. Garapané iku manut paugeran Hèrmètis kang gegayutan karo klenik, mitologi, lan agama.[5]

Ing wektu iki, rembugan babagan alkimiya lumrahé kapérang ing paniti tumrap (1) cak-cakan praktis tur èksotèrisé lan (2) aspèk ésotèrisé, masiya ana panemu saka sujana kaya ta Homyard[6] lan von Franz[7] yèn kaloroné mono kudu dicandhak minangka palengkap. Cak-cakan praktis tur èksotèris iku diluru déning sujarawan èlmu fisika kang nlitèni subyèk iku kanthi sebutan purwakimiya, usada, lan klenik-klenikan. Aspèk ésotèrisé dadi kawigatèné para sujarawan ésotèrisisme, psikolog, lan sawenèh filsuf lan spiritualis. Subyèk iki terus-terusan mrabawani sastra lan seni. Masiya ana pamérang iki, kang diyakini von Franz wis ana kawit mulabukané tradhisi Kulonan kang nyarub filsafat Yunani karo tèknologi Mesir lan Mésopotamia,[7] manéka sumber nandhesaké integrasi panyandhak ésotèris lan èksotèris tumrap alkimiya. Sumber kang paling lawas ya iku buku abad ping telu asesirah Perkara Fisik lan Mistik (cara Yunani: Physika kai Mystika) karyané Bolus saka Mèndhès.[8]

Pratélan tetembungan

[besut | besut sumber]

Cathetan

[besut | besut sumber]
  1. Kanggo katerangan rinci bab prakara ing marna alkimiya, waca Linden 1996, kc. 6–36

Rujukan

[besut | besut sumber]

Sitiran

[besut | besut sumber]
  1. Malouin, Paul-Jacques (1751), "Alchimie [Alchemy]", Encyclopédie ou Dictionnaire Raisonné des Sciences, des Arts, et des Métiers, Vol. I, Paris: translated by Lauren Yoder in 2003 for Michigan Publishing's The Encyclopedia of Diderot & d'Alembert Collaborative Translation Project {{citation}}: Italic or bold markup not allowed in: |publisher= (pitulung).
  2. a b Masalah skrip: Fungsi "harvard_core" ora ana..
  3. "Alchemy", Dictionary.com.
  4. Chemical Knowledge in the Early Modern World, Chicago: University of Chicago Press, 2014.
  5. Wouter J. Hanegraaff (Cambridge University Press: 2012), Alchemy between Science and Religion, Esotericism and the Academy: Rejected Knowledge in Western Culture
  6. Holmyard 1957, kc. 16
  7. a b Masalah skrip: Fungsi "harvard_core" ora ana..
  8. Antoine Faivre, Wouter J. Hanegraaff. Western esotericism and the science of religion. 1995. p.96

Bibliografi

[besut | besut sumber]