Kalki
Kalki | |
---|---|
Wonten ing agama Hindhu, Kalki (Dewanagari: कल्कि; IAST: Kalki ; ugi dipunserat minangka Kalkin saha Kalaki) inggih punika awatara Wisnu ingkang angka sedasa utawi ingkang pungkasan, ingkang samangké bakal tumeka wonten ing pungkasaning jaman Kali yuga.[1] Asma Kalki asring dipunsebut minangka éwah-ewahanipun kanggé wekdal kaliyan keabadian. Manéka warna tradisi kangungan manéka warna kapitadosan saha pamikiring babagan kapan, kados pundi, wonten pundi, saha kénging punapa Kalki bakal medal. Penggambaran ingkang umum babagan Kalki, Beliau inggih punika awatara ingkang nitih turangga putih (manéka sumber nyébataken nama turangganipun Devadatta [anugerah (déwa Hindhu saha dipunlukisaken minangka turangga ingkang saged mabur). Kalki gadhah pedang ingkang dipun-ginakaken kanggé mbrasta angkara murka saha iblis Kali, sabibaripun saged nengenaken malih dharma saha miwiti jaman énggal.[2]
Ètimologi
[besut | besut sumber]Tembung kalki asring minangka sawijining kiasan saking "kekekalan" utawi "wekdal". Asal muasalipun nama mau dipunprakirakaken saking tembung "kalka ingkang ngemu teges "reged", utawi "nistha" saha amargi punika "Kalki" ateges "Pambrasta angkara murka". Wonten ing basa Hindi, kalki avatar ateges "inkarnasi ing mangsa ingkang badhé kalampahan".[3]
Ramalan Babagan Kalki
[besut | besut sumber]Salah satunggaling sumber ingkang kapisan nyebutaken tembung Kalki inggih punika Wisnupurana, ingkang dipunduga medal sabibaripun mangsa "Karajan Gupta" antawis abad ke-7 SM. Wisnu inggih punika déwa pamelihara saha palindung, salah satunggal saking Trimurti, saha minangka panengah ingkang nimbang pancaipta saha pamralina. Kalki ugi wonten ing salah satunggal saking 18 kitabPurana ingkang utama, Agnipurana. Kitab Purana ingkang ngamot mliginipun babagan Kalki inggih punika Kalkipurana. Wonten ing kitab mau karembag kapan, wonten ing pundi, kados pundi, sarta kénging punpa Kalki Awatara njalma.[4]
Penafsiran babagan ramalan Kalki
[besut | besut sumber]Kanthah panulis ing mangsa pun ika ingkang nyobi gayutaken tokoh wonten ing sajarah punika kaliyan Kalki. Pétungan tradhisional babagan wekdal jaman Kaliyuga inggih punika antawis 432.000 taun[5] saha kawiwitan taun 3102 SM,[6] damel pamanggih-pamanggih mau boten gampilo dipuntampi. Kathah sarjana kados ta Sri Yukteswar Giri saha David Frawley ingkang suka pamanggih bilih wonten siklus pertengahan wonten ing siklus 432.000 taun.[7][8]
- Shree Veera Brahmendra Maha Swami, nyerat "Divya Maha Kala Jnana" (Pengetahuan Suci babagan Wekdal) antawis 1000 taun kapengker, "mengklaim" bilih Kalki badhé medal nalika Bulan, Matahari, Venus, saha Yupiter wonten ing garis lurus; manéka kadadéan boten langka saha ingkang salajengipun kaduga badhé kadadéan nalika taun 2012 utawi langkung.[9]
- Pandit Ved Prakash Upadhyay suka pamanggih wonten ing bukunipun Kalkii Autar aur Muhammad Sahib bilih Muhammad cocog kaliyan sadaya ramalan babagan Kalki.[10] The book Muhammad in the Hindu Scriptures claims Muhammad to be Kalki based on research from all Vedas, Puranas and Upanishads.[11][12] Nanging boten wonten kutipan ing Kalkipurana utawi Purana sanèsipun ingkang mbandingaken Muhammad kaliyan Kalki saha pamanggih mau boten dipunsarirai amargi dipunanggep minangka kebetulan.
- Ismaili Khojas, sawijining golongan Muslim Shia saking Gujarat saha Sindh kaliyan para pangikut Aga Khan, yakin sedasa Awatara Wisnumeyakini. Miturut golongan punika, Imam Ali, mantu Muhammad minangka Kalki.[3][4]
- Pangikut agama Bahá'í nafsiraken ramalan babagan Kalki minangka referensi rawuhipun Bahá'u'lláh,[13][14] ingkang gadhah peran ingkang wigati wonten ing perkembangining agama Bahá'í ing India.[15]
- Jamaah Ahmadiyyah percaya bilih Mirza Ghulam Ahmad minangka Kalki awatara.[16]
- Wonten bukunipun kanthi sesirah The Aquarian Message, Samael Aun Weor ngeklaim bilih piyambakipun minangka Kalki awatara.[17]
- Wonten ing buku The Avatar of What Is olèh Carolyn Lee PhD dan Holy Madness déning Georg Feuerstein, nedahaken bilih Adi Da inggih punika Kalki awatara.[18]
- Wonten ing Dasam Granth, Guru Gobind Singh nyerat bilih Kalki inggih punika Vivek Buddhi (pikiran landhep saha spiritual) inggih punika Gurmat. Nalika dosa-dosa (Manmatt/Manmukhs) wonten, nanging hanya Gurmat ingkang saged nyirnakaken sadaya Manmatt ing bumi punika
- Bhagavan Sri Swamini Jai Sathya ingkang sadéréngipun kaloka minangka Sri Suryanarayana Jayanthi Kumaraswami nedahaken bilih Kalki awatara sampun mijil ing bumi. Swamiji suka pamanggih bilih Kalki awatara badhé medal kanthi wujud sawijining wanodya ingkang nitih turangga pethak, ngasta pedang kanggé ngresikaken kanisthan saha maringi piwulang Kabecikan dhumateng sadaya manungsa.
- Organisasi ingkang makempal ing Singapura sampun kadhaptar kanthi nama Sri Kalki Peedum Society Archived 2011-07-16 at the Wayback Machine. nalika taun 1998. Anggota Sri Kalki Peedum Society[19] percaya bilih Guru Sri Kalki Jothi Archived 2016-03-05 at the Wayback Machine. punika minangka awatara Wisnu ingkang angka sedasa, Kalki awatara.[20]
Ugi pirsani
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Dharam Vir Singh (Alih Basa Déning I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006). Hinduisme Sebuah Pengantar. Surabaya: Penerbit Paramita.
- ↑ [1] Archived 2012-12-11 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 11 November 2012)
- ↑ I Ketut Sukartha, dkk. (2003). Agama Hindu untuk SLTP Kelas 3 ISBN 979-571-020-6 (jilid 1). Denpasar: Penerbit Ganeca Exact.
- ↑ [2](dipunundhuh tanggal 11 November 2012)
- ↑ "Bhaktivedanta VedaBase". Diarsip saka sing asli ing 2015-06-25. Dibukak ing 2012-11-15.
- ↑ The Indus Script and the Rg-Veda, Page 16, By Egbert Richter-Ushanas, ISBN 81-208-1405-3
- ↑ The Holy Science, by Jnanavatar Swami Sri Yukteswar Giri, Yogoda Sat-Sanga Society of India, 1949
- ↑ Astrology of the Seers, Lotus Press, Twin Lakes, Wisconsin ISBN 0-914955-89-6
- ↑ Hindu Prophecies: Translations from the Kalkii Purana
- ↑ Kalkii Avatar Aur Muhammad Sahib, Pundit Ved Prakash Upadhyay, 1969 and 1970
- ↑ Muhammad in the Hindu Scriptures, Pundit Ved Prakash Upadhyay, Islamic Book Trust, pp. 43-71
- ↑ ""A reference from bhavishya purana and atharva veda"". Diarsip saka sing asli ing 2006-07-21. Dibukak ing 2012-11-15.
- ↑ Momen, Moojan (1990). "Hindhu Prophecies". Hinduism and the Bahá'í Faith. Oxford: George Ronald. ISBN 0-85398-299-6. Diarsip saka sing asli ing 2022-03-10. Dibukak ing 2012-11-15.
- ↑ Buck, Christopher (2004). "The eschatology of Globalization: The multiple-messiahship of Bahā'u'llāh revisited". Ing Sharon, Moshe (èd.). Studies in Modern Religions, Religious Movements and the Bābī-Bahā'ī Faiths (PDF). Boston: Brill. kc. 143–178. ISBN 90-04-13904-4. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2022-08-06. Dibukak ing 2012-11-15.
- ↑ The Baha'i Faith in India: A Developmental Stage Approach by William Garlington, Occasional Papers in Shaykhi, Babi and Baha'i Studies, No. 2 (June, 1997)
- ↑ Juergensmeyer, Mark (2006). Oxford Handbook of Global Religions. Oxford: Oxford University Press. kc. 520. ISBN 978-0-19-513798-9, ISBN (Ten digit): 0195137981.
- ↑ Samael Aun Weor (2004) [1960]. The Aquarian Message: Gnostic Kabbalah and Tarot in the Apocalypse of St. John. Glorian Publishing. kc. 224. ISBN 0-9745916-5-3.
- ↑ Carolyn Lee (2007). The Avatar of What Is: The Divine life and Work of Adi Da. Dawn Horse Press. kc. 122. ISBN 1-55778-250-4.Georg Feuerstein (2006) [1991]. Holy Madness: The Shock Tactics and Radical Teachings of Crazy-Wise Adepts, Holy Fools, and Rascal Gurus. Paragon House. kc. 189. ISBN 978-1-57097-233-1.
- ↑ Sri Kalki Peedum Society Archived 2011-07-16 at the Wayback Machine., was official founded on 22d July 1998 when it was registered under the Registry of Societies (Singapore).
- ↑ Guru Sri Kalki Jothi Biography Archived 2016-03-05 at the Wayback Machine., The biography of Sri Kalki states that his devotees regard him as their Kalki avatar.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]Kalki | ||
---|---|---|
Sebelumnya: {{{sadurungé}}} |
Awatara Wisnu terakhir |
Berikutnya: {{{sawisé}}} |
Awatara Wisnu | |
---|---|
Matsya | Kurma | Waraha | Narasinga | Wamana | Parasurama | Rama | Kresna | Baladewa (Balarama) | Buddha | Kalki |
Artikel gegayutan Hindhu iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |