Menyang kontèn

Kacamatan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.
     

Kacamatan iku wewengkon administratif papréntahan ing Indonésia kang kabawah Camat. Wewengkon administratif kacamatan iku dadi pérangan kabupatèn utawa kutha. Dadi bisa dianggep perangkat kabupatèn utawa kutha lan kanthi hirarki ana ing isore kabupatèn utawa kutha.

Kacamatan kabawah camat lan wewengkoné ketata saking kalurahan-kalurahan lan utawa désa-désa.

Liyane

Istilah kacamatan iki ing provinsi Acèh diarani sagoe cut. Banjur ing Tanah Papua diarani distrik. Ing Daérah Istiméwa Yogyakarta diarani kamantrèn (ing Kutha Ngayogyakarta) lan kapanèwon (Kabupatèn Gunungkidul, Kulonpraga, Bantul, lan Sléman).

Uga delengen