Menyang kontèn

Simpoa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
satunggaling sempoa

Sempoa, sipa, dekak-dekak utawi menawi wonten Basa Inggris menika abacus kalebet salah satunggaling piranti kuno ingkang kaginakaken kanggé ngetung adhedhasar teori matematika kadamel saking rangka kayu kanthi sedèrètan poros isinipun manik-manik ingkang saged dipungèsèr ngiwa-nengen utawi munggah-mundhun [1].

Sajarah

Asal-usuling sempoa menika awrat sanget anggènipun mangertosi amargi pitanti étung ingkang mirip kaluan sempoa kathah dipuntepangi wonten ing kabudayan ing donya. Konon sempoa menika sampun wonten ing Babilonia lan wonten ing Tiongkok kirang langkung taun 2400 SM lan 300 SM. Tiyang wonten ing zaman kuno ngétung kanthi cara damel garis-garis lajeng mapanaken watu ing nginggiling pasir ingkang kalebet wujud wiwitan saking manéka warna wujud sempoa.

Wonten ing Basa Inggris sempoa kawéntar kanthi nama abacus. Tembung abacus sampun kawiwitan awit taun 1387, nyilih tembung ing Basa Latin abakos saking tembung abax ingkang wonten ing Basa Yunani ateges "tabel perhitungan." ing Basa Yunani, tembungabax ugi ateges tabel kanggé nggambar betuk geometris ing sanginggiling pasir utawi wedhi.


Pangembangan sempoa

Piranti étung menika sampun atusan taun kepengker kaginakaken déning bangsa-bangsa ing Asia Barat. Bangsa-bangsa kasebut ngginakaken sempoa minangka piranti bantu nalika transaksi dol-tinuku. Lan ugi dipunkinten-kinten bilih sempoa ugi kalebet komputer kapisan ingkang dipunklaim déning sabagéyan tiyang amargi kemampuan anggènipun ngetung [2].

Lajeng saya dangu sempoa dados kawéntar lan dados piranti bantu ngétung wonten ing sekolahan. laré-laré wiwit nyinanu kados pundi ngginakaken sempoa kanthi leres kanggé perhitungan matematika dhasar kados penambahan, pengurangan, perkalian , lan pembagian.

Kirang langkung wonten ing taun 80an, sempoa menika wiwit dipunkembangaken ugi dipunteliti kanthi tememen ing Jepang saéngga ngasilaken satunggaling metode étungan sempoa ingkang énggal kanthi formasi manik-manik 1 wonten nginggil lan 4 wonten ngandhap. Boten kados formasi manik-manik kados sadèrèngipun. Pangembangan metode sempoa saking Jepang menika dados terobosan énggal saking metode sempoa ingkang wonten, inggih menika wontenipun metode mental aritmatika.

Metode menika kalebet pangembangan saking metode sempoa ingkang sampun wonten. Kanthi ngginakaken metode sempoa lan mental aritmatika ingkang dipunkembangaken ing Jepang langkung gampil anggenipun ngginakaken lan nyinauni. Menika katingal saking kathah ingkang ngginakaken metode sempoa lan mental aritmatika ing donya.

Galeri


Cathetan suku

  1. [1], Cara cepat belajar sempoa (dipun-akses tanggal 20 November 2012).
  2. [2], Metode sempoa dan Mental aritmatika (dipun-akses tanggal 20 November 2012).