Pastèl
Pastèl yaiku serbuk kang dikraketaké karo arabic gum lan awujud batangan-batangan aneka werna .[1] Yèn digosokaké ing dluwang kang kasar, ikatan serbuk bakal ucul lan serbuk werna iki mau bakal némplék ing kertas.[1]
Sajarah
Pastèl dianggo sepisanan dingerteni karo Leonardo da Vinci nalika taun 1495. [1]
Maurice Quentin de La Tour lan Rosalba Carriera saka abad kaping 18 yaiku pelukis kang misuwur nduwéni teknik pastèl kang apik.[1] Ing abad 19, pastèl dipopulerké karo pelukis Perancis Edgar Degas.[1] Mary Cassatt ngenalaké media pastèl marang kanca-kancane ing Philadelphia lan Washington.[1] Dhéwéké ngenalaké pastèl uga nganti tekan kabeh wilayah Amérika Serikat.[1] Ing abad 18 medium iki populér banget ing lukisan potret, lan digunakakaké kanggo campuran teknik gouache. [1]Pastel uga kena digabungaké karo media liyané kejaba cat minyak.[1]
Karakteristik
Pastèl nduwéni werna kang cerah, méh padha kaya cat minyak.[2] Ananging pastèl ora némplék kuwat kaya cat minyak. [2]Mung kena getaran sithik waé, pastèl bisa rontok saka kertas.[2] Mula biyasané diwénéhi fixative.[2] Pastèl nduwéni werna akng kuat yèn dasi lapisan ing sandhuwuré werna komplementernya.[2] Ananging dadi kétok lemah banget yèn dadi lapisan ing sandhuwuré werna analogus.[2] Saliyané iku werna-werna kang peteng uga dadi ora kuwat yèn ditumpukna ing sandhuwuré werna kang padhang.[2] Angèl kanggo mbusak werna pastèl nganti ilang.[2] Biyasané kang diasilakè kanthi nggésékaké busak ing sandhuwuré pastèl malah ndadékakè efek smudge. [2]
Kanggo ngatasi kalemahané pastèl kapur konvensional, dikembangakè uga pastèl minyak. [2]Pastèl iki kanthil kanthi kuwat ing werna-werna médhia, kayata kanvas, hardboard, utawa tripleks.[2]
Pelukis kanthi media pastel
Pelukis Indonesia
Pelukis manca
- Leonardo da Vinci
- Maurice Quentin de La Tour
- Rosalba Carriera
- Larry Blovits
- Wende Caporale
- Tim Gaydos
- Daniel Greene
- Wolf Kahn
- Albert Handell
- Madlyn-Ann C. Woolwich.
Cathetan suku
- ↑ a b c d e f g h i Masalah transklusi: {{En}} mung bisa kaanggo ing mandhala aran Barkas. Anggonen {{lang-en}} utawa {{en icon}} baé.The International Association of Pastel Societies pastelinternational.com(dipunundhuh tanggal 22 Juni 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k Masalah transklusi: {{En}} mung bisa kaanggo ing mandhala aran Barkas. Anggonen {{lang-en}} utawa {{en icon}} baé.Pastel Journal: The Magazine for Pastel Artists pasteljournal.com(dipunundhuh tanggal 22 Juni 2011)
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |