Menyang kontèn

Kaliningrad

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 19 Maret 2023 05.32 déning Natsukusha (parembugan | pasumbang) (sesuai bentuk aksara Jawa ꦱꦒꦫ, replaced: segara → sagara (3), Segara → Sagara (3) using AWB)
() ← Révisi sadurungé | Révisi wekasan (bé) | Révisi sabanjuré → (bé)
Kaliningrad
Калининград
Info dhasar:
Nagara: Ruslan
Oblast: Kaliningrad
Jembar: 215,7 km²
Padunung: 430.003 (2002)
Wali kutha: Yury Savenko
Situs wèb resmi: www.klgd.ru/
Péta

Kaliningrad utawa sadurungé taun 1946 Königsberg (Ruslan Калининград; Litowen Karaliaučius; Jerman Königsberg, Polski: Królewiec; Ruslan uga Кёнигсберг Kyonigsberg), iku palabuhan lan kutha krajan Kaliningrad Oblast, èksklave Ruslan antara Polen lan Litowen ing tepining Sagara Baltik. Tlatah iki diubengi karo anggota NATO lan Uni Éropa Polen lan Litowen lan ora kasambung karo tlatah Ruslan liyané. Konèksi tanpa wates namung bisa karo montor mabur utawa kapal. Miturut cacah jiwa taun 2002, kang ndunungi 430.003 jiwa kang wis munggah saka 401.280 jiwa miturut cacah jiwa ing taun 1989. Komposisi ètnisé ya iku: wong Ruslan 77,9%, Bélarus 8,0%, Ukraina 7.3%. Mawa jeneng Jerman Königsberg, kutha iki kutha krajané provinsi Jerman Prusia Wétan, Kadipatèn Prusia sadurungé, lan sadurungé manèh nagara monastik (kawiharan) Ksatriya Teutonik.

Kutha Königsberg misuwur amarga salah satunggaling filsuf Jerman kang gedhé dhéwé; Immanuel Kant miyos ing kéné.

Géografi

[besut | besut sumber]

Kaliningrad iku pernahé ing muara Kali Pregolya kang bisa dilayari. Kali iki mili menyang Sagara Baltik. Kapal-kapal sagara bisa ngaksès Teluk Gdańsk lan Sagara Baltik ngliwati Laguna Vistula lan Selat Baltiysk.

Nganti kurang luwih taun 1900, kapal-kapal kang jeroné punjul 2 mèter ora bisa lumebu kutha, dadi kapal-kapal kang rada gedhé kudu nglabuh ing Pillau (saiki Baltiysk), saka ngendi barang-barang dagangané dipindhahak;e ing kapal-kapal kang luwih cilik.

Ing taun 1901, sawijining kanal kapal antara Königsberg lan Pillau bubar mawa béya 13 yuta Mark. Pambangunan iki mungkinaké kapal-kapal kang jeroné 6,5 mèter bisa nglabih ing kutha Königsberg dhéwé.

Lapangan Udara Khrabrovo pernahé 24 kilomèter saloring Kaliningrad, lan uga nduw;e sawatara dines pamaburan menyang sawatara tujuan ing Éropa. Banjur uga ana lapangan udara Kaliningrad Devau kang luwih cilik kanggo kaprelon umum. Ing Kaliningrad uga ana markas udara angkatan sagara Kaliningrad Chkalovsk.

Sajarah Königsberg/Kaliningrad

[besut | besut sumber]

Ordho Teutonik

[besut | besut sumber]

Sakiwa-tengené taun 300 SM ana sawijining dhukuh Prusia Kuna kang diarani Tvanksta (utawa uga Tvangste, Tvangeste) kang diadegaké cedhak papané Kaliningrad modhèren. Dhukuh iki banjur dibedhah lan dicaplok nalika Panaklukan Prusia déning Ordo Teutonik. Sabanjuré ing papané dhukuh iki diadegaké kutha anyar ing taun 1254 kang diarani Königsberg ("Gunung Raja") déning Ordo Teutonik. Jeneng kutha iki kanggo mulèni Raja Ottakar II saka Bohemia kang mbéyani pambangunan bètèng ing kono [1] Ing wektu suwé, para Ksatriya Teutonik naklukaké wong-wong pribumi kang kagolong wong Prusia Kuna Baltik. Prekara iki nandhani purwané pamusnahan budaya Baltik pagan lan kolonisasi Jerman ing tlatah iki. Wong-wong Prusia Kuna kang turah wusanané dadi wong Jerman. Sanadyan mangkono, basa Prusia Kuna ora cures nganti abad kaping 18.

Königsberg iku asliné kutha krajan Sambia, utawa Samland, salah sijining saka papat kabiskopan Prusia nalika iku. Prusia iku dipérang dadi papat kabiskopan ing taun 1243 déning kaputusan paus William saka Modena. Santo Adalbertus saka Praha dadi santo pangreksa utama Katedral Köningsberg, salah sijining landmark kutha iki. Königsberg wusanané dadi anggota liga Hansa lan palabuhan wigati kanggo tlatah kidul-wétan Baltik, lan banjur dagang karo Prusia, Polen lan Litowen.

Banjur mawa kasilé kalah Perang Telulas Taun déning Pasamakmuran Litowen-Polen, nagara monastik Ksatriya Teutonik banjur wewengkoné dikurangi dhedhasar prajanjéyan Damai Toruń ing taun 1466. Jembaré dadi sagedhéné wewengkon Kadipatèn Prusia kang banjur dikuwasani Ordho Teutonik sangisoring sistém féodhal tahta Polen. Ordho iki bareng nggagas yèn tindhakan Polen iki ora sarujuk karo misi sarta kuwajiban asliné, Adipati Masovia Polen, Konrad, pisanané nyeluk para Ksatriya Salib iki kanggo musnahaké kaum Prusia Kuna kang isih kafir lan tansah ngrampok lan matèni wong ing wewengkon Polen. Kaum Prusia Kuna iki nganti semana bisa nglawan wong-wong Polen kang arep naklukaké lan nyebaraké agamané. Konrad janjèkaké marang para Ksatriya Teutonik tanah-tanah Prusia kang bakal ditaklukaké (kamangka Konrad ora nduwé hak kanggo njanjèni amarga iki dudu tanah-tanahé).[2]

Kadipatèn Prusia

[besut | besut sumber]

Ing taun 1525 nalika Reformasi Protèstan, Albert saka Brandenburg saka wangsa Hohenzollern nggawé Ordho Ksatriya Teutonik dadi organisasi sékulèr. Wewengkoné uga dicaplok. Minangka mbayar upeti marang Raja Sigismund I saka Polen, Albert dadi adipati kapisan Kadipatèn Prusia, vasal saka Polen. Kutha krajané ya iku Königsberg (basa Polski Królewiec). Kutha iki dadi kutha utawa palabuhan paling wigati ing tlatah Prusia lan nduwé otonomi kang cukup gedhé, parlemèn dhéwé lan dhuwit dhéwé. Basa Jerman dadi basa kang paling akèh digunakaké.

Anna, putri Adipati Albert Friedrich, krama karo Kurfürst[3] John Sigismund saka Brandenburg, kang diparingi hak suksèsi Prusia sawisé sédané Albert Friedrich ing taun 1618. Wiwit jaman iki Kadipatèn Prusia lan Königsberg dipréntah déning Kurfürst Brandenburg, panguwasa Brandenburg-Prusia.

Karajan Prusia lan Kakaisaran Jerman

[besut | besut sumber]

Ing nalika jaman iki, sang filsuf Immanuel Kant (17241804) miyos lan séda ing kutha iki.

Républik Weimar

[besut | besut sumber]

Sawisé Kakaisaran Jerman lebur, sawatara wewengkoné diserahaké Polen. Sing paling wigati iku apa kang diarani "Koridor Polen", kang mènèhi Polen aksès marang sagara. Kasilé nagara Jerman dadi dipara loro wewengkoné. Königsberg lan Prusia Wétan dadi sawijining eksklave ing wétan.

Jerman Nazi

[besut | besut sumber]

Nalika jaman Nazi, Erich Koch dadi pamimpin kutha iki.

Uni Sovyèt

[besut | besut sumber]

Nalika Jerman kalah Perang Donya II, nagarané dicacah-cacah dipara dari patang "Zona Pendhudhukan". Saliyané iku sapratelon wewengkoné diwènèhaké Polen lan Uni Sovyèt. Königsberg lan saubengé dicaplok Uni Sovyèt lan diserahaké marang praja Ruslan. Para kang ndunungi Jerman kang isih manggon padha dipatèni utawa diusiri kabèh. Banjur tlatah iki didadèkaké laladan militèr kang katutup nganti leburé Uni Sovyèt ing taun 1991.

Fédherasi Ruslan

[besut | besut sumber]

Sawisé Uni Sovyèt pecah ing taun 1991, Kaliningrad minangka kutha krajané Kaliningrad Oblast dadi sawijining eksklave ing Éropa Wétan kang diubengi karo Polen lan Litowen. Bab iki nggawé tantangan anyar, nanging uga kasempatan anyar.

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. Christiansen, Professor Eric, The Northern Crusades, London, (1980:102). ISBN 0-333-26243-3
  2. Christiansen, Professor Eric, The Northern Crusades, London, 1980: 100-101. ISBN 0-333-26243-3
  3. Pangéran kang nduwé hak milih Kaisar ing Kakaisaran Suci Romawi.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]