Menyang kontèn

Toulouse

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 5 Maret 2016 11.54 déning BeeyanBot (parembugan | pasumbang) (→‎top: éjaan, replaced: yaiku → ya iku using AWB)
Salib Occitan, simbol Toulouse lan budaya Occitan lainé

Toulouse ( Tolosa ing basa Occitan ) iku kutha ing kidul-kulon Prancis dumunung ing gisiking Kali Garonne, ana ing satengah dalan antara Samudra Atlantik lan Segara Mediterania. Amarga populasi cacahé 1,05 yuta jiwa ing taun 2004, dhaérah metropolitan Toulouse minangka kutha paling gedhé kapindo ing Prancis kidul minangka salah siji sing tuwuh paling cepet ing Éropah. Toulouse minangka basis indhustri pamaburan ing Éropah dadi papan markas Airbus. Toulouse iku mantan kutha krajan provinsi Languedoc (sistem provinsi dibusak sesuwéné Revolusi Prancis ). Saiki minangka kutha krajan dhaérah ( région ) Midi-Pyrénées , région paling gedhé ing Prancis ananging mung setengah ukuran provinsi sing mbiyèn Languedoc. Sakliyané iku, Toulouse uga déadi préfecture (kutha krajan) département Haute-Garonne . Kutha iki uga dadi papan Académie des Jeux Floraux, sing sajajar karo Akademi Prancis kanggo dhaérah pertuturan Occitan ing[Prancis kidul, agawé Tolouse dadi kutha krajan ora resmi kanggo kabudayan Occitan. Salib tradhisional Occitan diadhopsi dadi simbol kutha Toulouse lan dhaérah Midi-Pyrénées. Toulouse duwé kutha kembar ya iku:Atlanta (Amérika Sarékat), Chongqing (Republik Rakyat Cina ), Tel Aviv (Israèl), Kiev (Ukraina), Bologna (Italia), lan Elche (Spanyol).

Populasi
Dhaerah Parkuthakan Dhaerah Metropolitan
1801 50.171
1851 95.277
1872 126.936
1911 149.000
1936 213.220
1946 264.411
1954 268.865
1962 329.044
1968 439.764 474.000
1975 509.939 585.000
1982 541.271 645.000
1990 650.336 797.373
1999 761.090 964.797

Pranala njaba

Cithakan:Préfecture saka département ing Prancis Cithakan:Préfecture saka région ing Prancis Cithakan:Komune ing Haute-Garonne