Saifullah Yusuf

Drs. Saifullah Yusuf (miyos ing Pasuruan, Jawa Wétan, 28 Agustus, 1964) inggih punika Wakil Gubernur Jawa Wétan saking taun 2009 ngantos dumugi 2019.[1] Panjenenganipun naté dados Ketua GP Anshor taun 2000-2010, tilas Sekjen/Ketua DPP Parté Kebangkitan Bangsa lan tilas Mantri Nagara Percepatan Pangyasa Laladan Tertinggal Kabinét Indonésia Bersatu 2004-2007.[1]

Saifullah Yusuf
Mantri Sosial Indonésia ke-33
Wiwit linggih
11 Sèptèmber 2024
Kang sadurungéTri Rismaharini
Wali Khuta Pasuruan
Linggih
26 Fèbruari 2021 – 11 Sèptèmber 2024
Kang sadurungéRaharto Teno Prasetyo
Kang sawiséAdi Wibowo
Wakil Gubernur Jawa Wétan
Linggih
12 Fèbruari 2009 – 12 Fèbruari 2014
GubernurSoekarwo
Kang sadurungéSoenarjo
Kang sawiséEmil Dardak
Mantri Nagara Pangyasa Laladan Tertinggal Indonésia 2
Linggih
21 Oktober 2004 – 9 Mèi 2007
PrésidhènSusilo Bambang Yudhoyono
Kang sadurungéManuel Kaisiepo
Kang sawiséMohammad Lukman Edy
Rerincèn dhiri
Lair (1964-08-28) Agustus 28, 1964 (umur 60)
Indhonésia Pasuruan, Jawa Wétan, Indonésia
BangsaIndonésia
Parté pulitikPDI Perjuangan, Parté Kebangkitan Bangsa, Parté Persatuan Pangyasa
AlmamaterUniversitas Nasional

Kariér

besut

Panjenenganipun kapilih malih dados ketua Gerakan Pemuda Anshor périodhe 2005-2010 wonten ing muktamar ingkang dipunwontenaken nalika tanggal 3 April 2005 ing Asrama Haji Pondok Gede, Jakarta.[1] Tilas Sekretaris Jéndral utawi Ketua DPP Parté Kebangkitan Bangsa (PKB) punika milih Susilo Bambang Yudhoyono lan Jusuf Kalla nalika Pemilu Présidhèn ubengan kaping kalih 2004.[1] Pilian kasebat ndadosaken Yusuf pikantuk kalungguhan Mantri Nagara Percepatan Pangyasa Laladan Tertinggal ing Kabinet Indonésia Bersatu.[1] Nanging, nalika Mèi 2007 panjenenganipun dipun-gantos déning Muhammad Lukman Edy.[1]

Kariéripun Saifullah Yusuf inggih punika:

  • taun 19901994 Wartawan Tabloid Detik,[2]
  • 1996–1997 Wartawan Tabloid Target,[2]
  • 1997–1998 Koordinator Liputan Tabloid Simponi,[2]
  • 1997 Direktur CV Fatma Press,[2]
  • 1998 Pamimpin Redaksi Harian Masarakat Baru,[2]
  • 1999–2002 Anggota DPR saking PDI Perjuangan,[2]
  • 2004 Anggota DPR saking PKB,[2]
  • 2004–2007 Mantri Nagara Percepatan Pangyasa Laladan Tertinggal, Kabinet Indonésia Bersatu,[2]
  • 2009–2019 Wakil Gubernur Jawa Wétan.[1]
  • 2021–2024 Wali Khuta Pasuruan
  • 2024–saiki Mantri Sosial, Kabinet Indonésia Maju

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g Saifullah Yusuf Archived 2011-09-08 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 26 September 2011)
  2. a b c d e f g h Profil Singkat Soekarwo-Saifullah Yusuf dipunundhuh tanggal 26 September 2011)

Pranala njawi

besut

Saifullah Yusuf Archived 2011-09-08 at the Wayback Machine.