Mikroskop (basa Yunani: micron = cilik lan scopos = tujuwan) iku siji piranti kanggo ndeleng obyek kang cilik banget kanggo dideleng nganggo mata. Èlmu kang nyinaoni barang cilik kanthi migunakaké piranti iki karan mikroskopi, lan tembung mikroskopik tegesé cilik banget, ora gampang katon nganggo mata biyasa.

Mikroskop Compound digawé déning John Cuff ing taun 1750

Jinis-jinis mikroskop

besut

Jinis paling umum mikroskop, lan kang pisanan diripta, yakuwi mikroskop optis. Mikroskop iki minangka piranti optik kang dumadi saka siji utawa luwih lènsa kang mprodhuksi gambar kang digedhèkaké saka siji barang kang didèlèh ing babagan fokal saka lènsa mau.

Miturut sumber cahyané, mikroskop dipérang dadi loro, yaiku, mikroskop cahya lan mikroskop elektron. Mikroskop cahya dhéwé dipérang manèh dadi rong golongan gedhé, yaiku miturut kagiyatan pengamatan lan karumitan kagiyatan pengamatan kang diayahi. Miturut kagiyatan pengamatané, mikroskop cahya dibédakaké dadi mikroskop diseksi kanggo ngamati pérangan lumah lan mikroskop monokuler lan binokuler kanggo ngamati pérangan njero sèl. Mikroskop monokuler minangka mikroskop kang mung duwé 1 lènsa okulèr lan binokuler duwé 2 lènsa okuler. Miturut karumitan kagiyatan pengamatan kang diayahi, mikroskop dipérang dadi 2 pérangan, yaiku mikroskop prasaja (kang lumrahé digunakaké para murid) lan mikroskop riset (mikroskop dark-field, fluoresens, fase kontras, Nomarski DIC, lan konfokal).

Struktur mikroskop

besut

Ana rong pérangan utama kang lumrahé nyusun mikroskop, yaiku:

  • Pérangan optik, kang dumadi saka kondènsor, lènsa objektif, lan lènsa okuler.
  • Pérangan non-optik, kang dumadi saka sikil lan lengen mikroskop, diafragma, méja objèk, pemutar alus lan kasar, panjepit kaca objèk, lan sumber cahya.

Pranala njaba

besut