Melon
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Cucurbitales
Famili: Cucurbitaceae
Génus: Cucumis
Spésies: C. melo
Jeneng binomial
Cucumis melo
L.
Wiji muskmelon

Melon (Cucumis melo L.) wujud jeneng woh uga jeneng tetuwuhan sing ngasilaké woh mau, sing kalebu sajeroning suku labu-labuan utawa Cucurbitaceae.[1] Wohé racaké dipangan seger minangka woh méja utawa diiris-iris minangka campuran ès woh.[1] Pérangan sing dipangan ya iku daging wohé (mesokarp).[1] Teksturé empuk, awerna putih tekan abang, gumantung kultivaré.[1]

Pamerian

besut

Tetuwuhan sausum, mrambat nanging njalar, ora munggah.[1] Godhongé wangun ndriji mawa lekuk modherat saéngga kaya bunderan mawa pojok-pojok.[1] Watangé racaké ora ngandhut kayu.[1]

Tetuwuhan iki omahé siji kanthi rong tipe kembang: kembang lanang lan hermafrodit.[1] Kembang lanang muncul racaké nalika tetuwuhan isih enom utawa yèn tuwuhé kurang becik.[1]

Tipe wohé pepo. Pérangan mesokarp saya kandel dadi daging woh sing ngandhut banyu. pamuliaan diarahaké ing daging woh sing kandel, legi, sarta yèn mungel, wangi. Mélon duwé jeneng latin Cucumis melo.[1] Mélon kalebu tuwuhan saka famili Cucurbitaceae.[1] Mélon asalé saka Lembah Panas Pèrsi utawa laladan Mediterania.[2] Laladan iki manggone ing perbatasa Asia Barat lan Éropa, Afrika.[1] Mélon nyebar ing Timur tengah lan Éropa.[1] Ing abad kaping 14, melon digawa ing Amérika.[1] Déné kang nggawa ya iku Cristoper Columbus.[1] sawisé iku mélon banjur ditandur ing Colorado, California, lan Texas.[1] Mélon urip subur ing laladan tropis lan subtropis kalebu ing Indonésia.[1]

Karagaman genetik

besut

Melon akèh banget ragamé, mligi dideleng saka wangun wohé. Ana wolung [3] golongan budidaya ('Group') sajeroning spésies iki.[3] Telu sing paling populèr ya iku Cantalupensis (ing jeroné kalebu bléwah, true European cantaloupe), Reticulatus (melon sing biyasa ditepungi, kulit wohé racaké "mawa jala"), lan Inodorus (melon 'Honeydew', sing wanguné oval kanthi kulit ngerut).[3] Ana siji golongan liya sing wohé uga dipangan, Group Dudaim.[3]

Jinis

besut

Jinis mélon kang misuwur ya iku melon Christianism (1850); melon Sill Hybrid (1870); melon Surprise (1876); mélon Ivondequoit, Miller Cream, Netted Gem, Hacken Sack lan Osage (18811890); mélon Honey Rock dan Improved Perfecto (1933); melon Imperial (1935); melon Queen of Colorado dan Honey Gold (1939).[1]

Jinis mélon kang paling disenengi ya iku jinis melon swing lan sky rocket.[4] Melon swing asalé saka Jepang.[4] Melon iki rasané legi lan daginge luwih kandel. Yèn dibandingake karo sky rocket, melon swing duwé jaring kang luwih kasar lan luwih kasar.[4] Melon swing wujudé bunder lan abote kurang luwih 1,4 kg. Déné melon sky rocket boboté nganti tekan 2 kg.[4]

Nandur

besut

Nandur melon mbutuhae panas srengéngé.[4] Melon kang kakéyan kodan marakaké wite kebaceken lan mati.[4] Yèn mélon kodanan terus nalika wayah panén bisa nggawé woh melon rasané anyep ora legi manèh.[4] Suhu udara kang diperlokake ya iku antarané 20-30 derajat celcius.[4]

Asil olahan

besut

Mélon kena dipangan dadi buah yèn rampung mangan.[5] Mélon uga kena kanggo nggawé sirup rasa mélon. Saliyané iku mélon uga kena digawé jus melon, ès buah, lan uga bubur.[5] Mélon uga kena digawé bolu utawa pay mélon.[5] Melon kalebu woh kang ngandhut vitamin C kang akèh.[1]

Khasiat

besut

Melon ngandhut vitamin C kang akèh mulané mélon kena kanggo tamba sariawan.[1] Saliyané iki, mélon uga kena kanggo tamba hiperténsi utawa blegudreg.[1]

Habitat

besut

Sadurungé taun 1980 mélon kalebu woh-wohan kang diimpor ing Indonésia.[1] Nanging akèh perusahaan agribisnis kang nandur lan mbudidayakaké mélon ing laladan Cisarua (Bogor) lan Kalianda (Lampung).[1] Mélon kang ditandur iki kalebu mélon variétas saka Amérika, Taiwan, Jepang, Cina, Prancis, Dhènemarken, Walanda lan Jerman.[6]

Mélon banjur ditandur lan dibudidayakaké ing laladan Ngawi, Madiun, Ponorogo nganti tekan wewengkon ing èks-karesidènan Surakarta (Sragén, Sukaharja, Boyalali, Karanganyar lan Klathèn).[1] Laladan-laladan iku kalebu laladan kang akèh ngasilaké mélon.[1]

Gladri

besut

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y warintek.ristek.go.id Archived 2011-06-26 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 19 Mèi 2011)
  2. sentia.poltek-malang.ac.id[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 19 Mèi 2011)
  3. a b c d Situs web perusahaan winih Victory Archived 2009-05-01 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 8 Juni 2007)
  4. a b c d e f g h tabloidnova.co Archived 2010-05-01 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 19 Mèi 2011)
  5. a b c greecehotèlsrooms.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 19 Mèi 2011)
  6. binaukm.com Archived 2011-01-10 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 19 Mèi 2011)

Pranala njaba

besut