Balai Pustaka utawa Balé Poestaka iku jeneng pangecapan kang pisanané diyasa pamaréntah Walanda ing éra 1920-an. Penerbitan iki diadegaké kanggo nglawan tulisan-tulisan anti-Walanda kang sumebar ing Indonésia. Akèh-akèhé isiné mbeneraké wong Walanda.

buku wedalanipun Balé Poestaka

Ing sakawit, basa kang dienggo yaiku basa Malayu, basa Jawa, basa Madura, lan basa Sundha. Ing éra pisanan iku, sing paling akèh nganggo basa Jawa. Dasawarsa iki asring dianggep dadi wiwitane sastra Jawa modhèren wiwit sumrambah, antarané buku Serat Rijanta.

Ing Sastra Indonésia, wektu iku uga banjur kondhang kanthi sebutan Angkatan Balai Pustaka. Akèh sastrawan Indonésia kang kawentar ing angkatan iki, antarané Siti Noerbaja anggitané Marah Roesli, Salah Asuhan anggitané Abdul Muis.

Pranala njaba

besut