Bajing krambil
Bajing Kelapa | |
---|---|
Bajing kelapa | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mammalia |
Ordho: | Rodentia |
Famili: | Sciuridae |
Génus: | Callosciurus Gray, 1867 |
Spésies: | C. notatus |
Jeneng binomial | |
Callosciurus notatus (Boddaert, 1785) | |
Bajing krambil utawa Bajing kelapa ya iku jinis mamalia cilik kang kalebu kulawarga bajing (Sciuridae). Ing basa Inggris ingaran Plantain squirrel déné jeneng elmiyahe Callosciurus notatus.
Pemerian
besutMamalia cilik arboreal kanthi buntut kaya déné sikat. Dawane endhas tekan buntut 150-225 mm, déné buntute 160–210 mm. Bobote watara 150-280 gram.
Nduwéni wulu semu siklat, brintik alus semu ireng-kuning. Antarane sikil ngarep lan mburi duwé garis kuning pucet lan ireng, sanajan kadhang ora katon.
Wetenge kuning semu abang, uga ana sing semu klawu lan soklat. Buntute soklat semu kuning, pucuke semu abang
Kebiasaan dan penyebaran
besutKéwan iki tinemu ing Indonésia (Sumatra, Borneo, Jawa, Bali lan Lombok), Malaysia, Singapura lan Thailand,ing laladan alas, mangrove, taman, kebon lan pomahan.
Kéwan iki mangan gegodhongan lan woh-wohan, uga gegremet lan endhog manuk. Uga mangan pelem, nangka lan klapa. Bajing klapa bisa lumayu kanthi kesit ing wit-witan, lan uga bisa mlumpat pirang-pirang mèter saka wit siji marang liyané, kadhang uga mudhun ing lemah. Bajing klapa kang urip ing sakiwa tengen omah sanajan kalebu kéwan alasan nanging bisa uga gelem mangan panganan kang diulungake manungsa.
Tumrape wong tani, kéwan iki dadi ama amarga mangani krambil kanthi gawé bolongan ing krambil banjur mangan isiné.
Nalika ésuk lan sore, kéwan iki bisa dititeni saka suwarane “..chek.. chek-cek-cek-cek-cek.. ”; utawa “.. chwit !”, kang disuwarakake kanthi ngobahake buntute. Susuhe ana ing bolongan wit, uga ing antarané papah godhoong palma kaya déné klapa, wujud bal saka rencek lan serat tetuwuhan. Saben manak, bajing klapa bisa manak nganti 4 anakan, lan bisa manak kapan waé tanpa ndeleng mangsa.
Jinis yang serupa
besutDi lapangan, bajing kelapa sangat mirib dan sok terkelirukan dengan beberapa jinis hewan berikut:
- Bajing ireng (C. nigrovittatus), di Thailand, Semenajung Malaya, Sumatra dan Jawa. Perut berwarna klawu.
- Bajing telinga-totol (C. adamsi), terbatas di Borneo. Memiliki bercak pucat di belakang telinganya, berukuran sedikit lebih kecil (KT hingga sakiwa-tengené 183 mm).
- Bajing-kerdil perut-merah (Glyphotes simus), terbatas di Borneo. Serupa C. adamsi, hanya berukuran jauh lebih kecil (KT hingga 144 mm).
- Bajing kelabu (C. orestes), terbatas di Borneo. Bercak pucat di belakang telinga dan perut berwarna klawu.
- Tupai kekes (Tupaia javanica), di Sumatra dan Jawa. Wujud telinga serupa telinga orang; tanpa setrip bungalan-ireng di pinggir perut, dan memiliki bercak bungalan di pundaknya.
Uga delengen
besutRujukan
besut- Corbet, G.B. and J.E. Hill, 1992, The Mammals of the Indomalayan Region: a systematic review. Nat. Hist. Mus. Publ. and Oxford Univ. Press.
- Lekagul, B. and J.A. McNeely, 1988, Mammals of Thailand. The Assoc. for the Conservation of Wildlife. Bangkok.
- Payne, J., C.M. Francis, K. Phillipps, dan S.N. Kartikasari. 2000. Panduan Lapangan Mamalia di Kalimantan, Sabah, Sarawak & Brunei Darussalam. The Sabah Society, Wildlife Conservation Society-Indonésia Programme dan WWF Malaysia. ISBN 979-95964-0-8
Pranala njaba
besut- Baillie, J. 1996. Callosciurus notatus pada 2006 IUCN Red List of Threatened Species. Diakses 29/7/2007.
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Callosciurus notatus. |
Artikel bab kéwan iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |