Toulouse

Owahan 21 Dhésèmber 2014 08.03 déning Pras (parembugan | pasumbang) (wikify)

Toulouse ( Tolosa ing basa Occitan ) iku kutha ing kidul-kulon Prancis dumunung ing gisiking Kali Garonne, ana ing satengah dalan antara Samudra Atlantik lan Segara Mediterania. Amarga populasi cacahé 1,05 yuta jiwa ing taun 2004, dhaérah metropolitan Toulouse minangka kutha paling gedhé kapindo ing Prancis kidul minangka salah siji sing tuwuh paling cepet ing Éropah. Toulouse minangka basis indhustri pamaburan ing Éropah dadi papan markas Airbus. Toulouse iku mantan ibukutha provinsi Languedoc (sistem provinsi dibusak sesuwéné Revolusi Prancis ). Saiki minangka ibukutha dhaérah ( région ) Midi-Pyrénées , région paling gedhé ing Prancis ananging mung setengah ukuran provinsi sing mbiyèn Languedoc. Sakliyané iku, Toulouse uga déadi préfecture (ibukutha) département Haute-Garonne . Kutha iki uga dadi papan Académie des Jeux Floraux, sing sajajar karo Akademi Prancis kanggo dhaérah pertuturan Occitan ing[Prancis kidul, agawé Tolouse dadi ibukutha ora resmi kanggo kabudayan Occitan. Salib tradhisional Occitan diadhopsi dadi simbol kutha Toulouse lan dhaérah Midi-Pyrénées. Toulouse duwé kutha kembar yaiku:Atlanta (Amérika Sarékat), Chongqing (Republik Rakyat Cina ), Tel Aviv (Israel), Kiev (Ukraina), Bologna (Italia), lan Elche (Spanyol).